Kaca:Panjurung.pdf/88

Kaca iki durung katitiwaca

racake loma kabeh sebab dhuwit gampang anggone golek. Pagaweyane njempol, utawa tembunge ngeterake tamu ana kraton lawas Tamansari, ana sing seneng ana sing ora. Klebu wong tuwane Mardi, sejatine ora lila yen Mardi melu-melu njempol. Karepe arep diajari nyambut gawe, gawe kasur bae kaya bapake. Nanging gandheng ongkos gawe kasur telu sing digarap telung dina kalah karo kasil guide-an rong jam, mula Mardi trima dadi guide cilik. “Kono-kono sakarepmu, yen ora nggugu wong tuwa,” grenenge bapakne. “Bapak ki tansah ngendika ngono bae lo, ora-orane yen aku kelut kanca, seneng domino, melu kertu lima, lan ceki.” 4 “Ah, saiki durung, titenana suwe-suwe mengko, ....” Boten, boten Pak, kula rak tesih mlebet sekolah terus.” Mardi mulih sekolah bubar madhang wis klepat mlayu marga || diampiri Sarjo, kakangne Sarji. Yen karo Sarjo komplot, yen karo Sarji | sering mungsuhan. Malah sok kerengan barang. Anehe Sarjo ora tau mbelani adhine, mung diuja sabonyoke. Yen wis dipisah, bali akur maneh.

“Ciblek...! Apa pethekku, witing tresna jalaran saka kulina.”

Karo nggawa pecut Pak Joga, ya wong tuwane Mardi nesu banget, jaja bang mawinga-winga, kadya sang Baladewa yen bramantya,

“Endi bocahku Mardi, kon metu mulih!” 3

Mardi ndheleleg ora wani mangsuli. Rumangsa salah awit tau | kandha yen ora arep melu main domino. Domino ing kono ora mung lud- | ludan gaple clorengan angus. Nanging toh-tohan dhuwit. Sejatine Mardi | wis rada suwe sok dolan menyang daleme Den Mas Run mau. Nanging, lagi iki ana sing lapur karo Pak Joga.

“Cether..., cether....” Pecute Pak Joga ngenani gegere Mardi ping pindho nganti bilur. Tangane Mardi diperet dijak metu dening Pak | Joga, karo dijak mulih. Pak Joga ora seneng yen anake seneng ngeceh- eceh dhuwit. Nadyan dhuwit iku kasile kringet dhewe.

“Ayo bali, awas yen tetep ana kene!”

Mardi manut dikandhani wong tuwane. Tekan ngomah banjur || dicritani sing akeh-akeh dening bapakne. Kena apa ora entuk main toh: | tohan. Kepeksa Pak Joga ninggal gaweyane garapan kasur sing sejatine mengko sore kudu rampung, lan dijupuk sing mburuhake.

74