Kaca:Panjurung.pdf/92

Kaca iki durung katitiwaca

“Ora galak-galak ta, Kang, karo wong golek pangan ing ndalan. Arepa dodol dluwang aku ki ya nawakake bandhamu. Dheweke iku rak, makelar lemah kondhang. Bisane sugih iku rak ya sregep pasang iklan sing ditawakake awake dhewe iki.” Pangundhamanane Mamat rada ilmiah. “Ya aja ngono ta, Mas Mat!” “Ya ben wong pancen dheweke ya bener,” sumaure Narti 4 ngrerepa. : “Awake dhewe ya mung adhang-adhang tetesing bun.” “Tetes bun kepiye, Nar? Lha wong aku klebus kabeh kaya ngene.” “Ning rak ra klebus ta barangmu?” Panggodhane Sidin saka | kiwane Narti. |; “Kowe kuwi, Din sekolahmu...” Panyambunge Tarno rada/ kadhemen. h “Mula omonganmu plesat-pleset, pletra-pletre. Ora mokal lha | wong dhosene wae “Prof. Warmoto”.” f “Aja salah tampa kajeron panggraita, sing dakener iku barang | sing saiki kok kekep anget rangkep plastik lima iku.” Pangendhane Sidin kang malah ndadekake ger lan saya rumaketing paseduluran. Ya kaya mangkono gojegane para loper koran mau. Wong kang ora nate krungu, apamaneh rada kemresik, ndadekake githoke mengkorog, lan prindang-prinding. Ra ngertia sejatine tumindake sega bosok neng kebonan. Aksi reaksi ngengetake wae wegah. Kamangka dheweke iku luwih blong makani wedhus balape nganggo iwak ati tinimbang menehi | sega bungkus lawuh sambel trasi.

babakal

Perkumpulan Pengecer Loper Koran kang kasingkat PLK ing kubengan Yogyakarta pancen pantes tiniru. Narti bocah kang Ora sembarangan. Iguhe, pikirane lantip. Cita-citane luhur. Apamaneh saiki | dheweke entuk mitra kang kembar idham-idhamane, yaiku si Mamat. |

Dadi kaya tumbu oleh tutup. Kanca-kancane diimpun, diwajibake ngisi kas. Dhuwit kang

76