Kaca:Panjurung.pdf/94

Kaca iki durung katitiwaca

“anglarapake ing saindhenging tlatah Yogya lan sakubenge. Kincling resik

menges-menges. Dipupuri dhewe, diandhuki dhewe, uga dibukaki dhewe. | Nganti para kenya kiwa tengene padha pating cekikik sajake meri. Nanging Widada mbegegeg ugeg-ugeg. Gununge es ora bisa ambrol | sanajan wong tuwane wis njurung marang dheweke.

“Cukup semene wae ta, le, anggonmu seneng jaka. Saiki Wis diniyati milih sisihan kanggo uripmu, lan kanggo nyambung sejarahmu,” mangkono kandhane ibune yen pinuju Dada sowan daleme wong tuwane ing sakidule Candhi Mendhut.

“Saiki wis jam pira?” Dada namatake candraning kala.

“Jam 00.00,” wangsulane Tarman kang ngancani ndelok wayang ing TV. “Mripatku kok saya amba, pikiranku saya ndadra. | Wah...wah...heeh...heh,” muni mangkono karo ngebrukake awak ing | kursi ukire. k

“Ana apa ta, Mas...?”

“Sajake aku masuk angi,.” wangsulane Dada goroh.

“Kula keroki nggih, Mas?” muni mangkono Tarman kaya ora | wigih-wigih. Dada dikeroki. Ya mbuh kepiye nyatane ya rada semburat,

“Wis Mas, saiki diagem ngaso wae, nggone ndeleng wayang stop.” Muni mangkono Tarman mateni TV terus kluyur-kluyur mlebu kamar karo muni, “Wis ta, Mas prayogane panjenengan iku golek....ngesakake. Yen, ngeroki aku tanggung jos bisa Mas. Nanging | yen luwih enak tinimbang kerokan aku ra saguh Mas. Aku ora bisa.” Banyolane Tarman jan rada kewanen. Biasane gojeg ngono kuwi Dada terus pasang ulat. Ning saiki kok ora. :

Wengi iku katon sepi nyenyet. Sing keprungu swarane walang angkup, walang kopa, jengkerik, lan orong-orong. Kuwi kabeh padha nyanyi caos lelipur marang jaka kang lagi nandhang wuyung iku. Dheweke kelingan gawang-gawang swarane Narti sing empuk ancles nujes ati. Pawakane padhet weweg, kulite nemu giring, lan sopane anggone nawakake koran. Apa maneh sorot mripate kang ngalahake mata macam gawe gemregele konsentrasine Dada. Pokoke kabeh mau mlebu kuping kiwa tumunjem ing ati, kaudal metu kabeh kang awujudake lelamunan

kang adoh.

80