Kaca:Panjurung.pdf/95

Kaca iki durung katitiwaca

Dada ing nalika isih mahasiswa wis nate kewirangan ditampik mentah-mentah dening adhik kelase lan digawe wirang. Ewa semono dheweke ora nglokro semangat kuliahe, nanging malah dadi pamecut, Semono uga nalikane 12 taun kepungkur diblenjani dening pacare kang saiki dadi bojone kancane.dhewe. Jan babar blas ora duwe rasa kepiye lan kepiye. Nanging saiki wis kena pengapesane. Bareng dilirik Narti gara-gara ditawari koran wae jugrug betenge. Gemregel, ngogel-ogel.

Wis sesasi mlaku. Dhosen kang puyeng iku ora nglalekake metu Jalan Kaliurang. Dijereng mripate, dirindhikake kendharakane. Ewa semono durung kepethuk kang dienjen. Dheweke arep takon marang kanca-kancane. Ewa semono ora tekan, isin sajake.

Saka kulon mangetan. Ing jalan Kolombo ana sawijining kijang alon-alon menggok manengen ngliwati gang Nusa Indah ing Samirana , yaiku mapane kenya lencir kuning gingsul tur merak ati kang kebak prestasi. Nalikane ing tikungan dumadakan pres, glodag, gremyang.

“Adhuh, adhuh sikilku, tanganku.” Siti sambat nyekeli sikile sing godras getih, lan tangane babak-babak.

“Piye kowe ki, adhuh, piye Ki mau, kowe ing ndalan gojeg, stangku nyenggol stangmu.” Peni rekane mbuwang lan ngendhani kedadeyan.

“Wis, Mbak, cepet tangi. Sajake ora pati lara wong anggne nggapruk rindhik.” Panyaruwene Widada sajak ngarih-arih karo mbopong bocah 9 taun iku mlebu kendharaane.

Arepa kaya ngapa wae ya kudu tanggung jawab, lho Pak!” Srengole Kang Karja karo mlongok saka cendhela, agean nyedhaki.

“Dicathet, nomor Polisine AB 1400!” Pangakone Kang Budi marang Si Gendhut.

“Ra sah kuwatir, kae dhekanku.” Sambunge Gendhutrada mbela dhosene.

“Sampun para sedherek lare menika kula bekta dhateng rumah sakit Panti Rapih.” Omong mangkono Dada kanthi wicaksana lan sopan. Kendharaan iku ninggalake papan ing kono. Creg hereng-hereng....

Guru tari kreasi baru sore iku kepengin golek seger-seger. Awake krasa rada kepiye ngono lho. Kaya ana barang kang ilang ning... embuh lah. Atine sajak goreh....

81