Kaca:Panjurung.pdf/97

Kaca iki durung katitiwaca

Lare ingkang ndherek gladhen tari ing panggenan kula...” Narti blaka suta. Brel banyu bening tumetes ing pangarasan kang rada semburat iku. Dhosen iku maah saya greng andulu kenya kang tindak- tanduke nyubles jantunge iku. Kanggo mbuwang swasana kaku iku Dada nggojegi.

Menawi mekaten kaleresan, kula badhe ndhaftaraken dados muridipun,” sambunge Dada pringas-pringis.

“Mboten, Pak...,” semaure Narti rada kandheg ing gulu.

Lagi tekan semono anggone rembugan, saka njero kamar ana swara ngundang Dada. Sing diundang gragapan lan Narti semranthal ndhisiki. Siti metu saka kamar pangobatan katon diperban tangan lan kempole. Narti ngekep ngruket lan sesenggrukan.

“Wis, wis Mbak ora apa-apa, mung babak-babak. Lan wis diobati,” pangerih-erihe perawat kang supel iku,

“Menika resepipun, Pak Wid,” perawat mau ngajeni banget? ora ah, cebol kok nggayuh lintang.”

“Mangga, Mbak tumuju ing mobil menika, kula parkir ngandhap pelem menika!” Dada ngomong mangkono kaya-kaya arep nggandheng loro-lorone. Nggandheng Siti amarga ngesakake, nggandheng Narti rumangsa jan ra kuwat...

Mobil iku wis ninggalake rumh sakit. Gleser-gleser tumuju mênyang Deresan. Dada atine rada dheg-dhegan. Mengko gek ditempiling karo bapake? Dheweke nggambarake tangise ibune Siti lan ngentha-entha gendame bapake. Muga-muga Gusti paring pitulungan. Dheweke digebug ditendhang arep manut wae, waton babak: belure diborehi Bu Guru Tari mau, dheweke eklas. Malah-malah arep dipasrahake sajiwa ragane.

Daleme Pak Andhi pancen katon asri, Edi, ora katon mewah, ning artistik lan antik. Bab iku ora mokal amarga wong tuwane Siti iku dhosen Teknik Sipil. Pak Andhi dhosen UGM dene Bu Andhi dhosen UI. Mobil kang ngusung Siti wis tekan. Saiba kagete meruhi tamu kang nggandheng putrane.

“Assalamu'alaikum, “uluk salame tamune.

“Wa'alaikumsalam, sumaure Pak Dhekan Teknik iku rada fasih. Wong loro lanang iku padha salaman lan rangkulan. Sajake wis sauntara

83