Kaca:Panjurung.pdf/99

Kaca iki durung katitiwaca

“Piyeta, Dhik, sajake isih adoh pa. ..?” Gojege Pak Andhi maneh.

“Wah, yen kula pados ingkang dolanan godhong nika, Mas,” Widada nyaut. Sajak ngerti Narti ngelus-ngelus Lidhah buaya.

Krungu rembug kang mangkono mau Narti srunthul mlebu ngomah, Tamune saya suwe saya gayeng muyeg. Nanging sedhela- sedhela ana tetembungan rada serius. Narti sajake ya kepengin nguping. Kethemeg-kethemeg nguping saka njero kamar kerjane Bulike. Mua krungu lan cetha sing diandharake ing ruang tamu iku.

“Ayo, Dhik, didhahar. Iki kripik gaweyane Narti mau esuk, lho.”

“Mangga diicipi.” Pak Andhi nrambuli.

“Wadhuh-wadhuh gurih saestu, jan Cc0cog-cocog.” Widada ngoceh. Sing krungu saya mbrabak praupane amarga entuk pangalembana.

“Lha kira-kira kepriye?” Bu Yuni ngoko.

“Piye ta, Mas Jan-jane”?

“Kepiye piye aku wong tuwra mudheng,” Pak Andhi nambong.

“Aku tak matur ya, Mas lan Mbak.”

“Wis saiki ora susah-susah basan-basanan, Wektu saiki leh ngomong blak lan cetha. Kaya nalikane awake dhewe isih kuliah mbiyen,” Bu Andhi mblbari dalan.

“Aku mbok...!”

“Mbok kepiye maneh!” Pak Andhi ngulur wektu,

“Mbok ditepungake karo Dhik Narti!” Krungu mangkono Narti prembang-prembeng lohe. Mripate abang, Lagi tekan semono Bu Like Nimbali.

“Nar, Narti...” Sing diundang meneng wae enthok-ethok ora. krungu. Amarga upama diundang sepisan semaur, mesthi wong mau padha kaget jalaran Narti nguping kira-kira mung setengah meter, mung keletan kaca lan gorden.

“Dalem, Bu Lik,” Narti nyedhaki katon isin banget.

“Lungguh kene, Ndhuk!” Bu Yuni akon marang keponakane.

“Pak Widada iki ngajak tetepungan karo kowe.”

Genahe ngene Narti....” Pak Adhi kandheg,

Mekaten nggih mbak Nar, kula kepengin tetepungan kaliyan

Panjenengan.” Ngendikan semono Dada ngulungake tangane ngajak

85