Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/127

Kaca iki wis divalidasi
XXVII. ADIPATI KENTJAKA PEDJAH DÉNING DJAGAL BILAWA

Durma

  1. Wanti-wanti dènira numbak rahadyan, Birawa nora busik, kadya gunung wadja, malèsèd ginagaman, malah pupug praptèng pesi, kari landéjan, asru kinarja gitik.
  2. Asru modjar sira risang Abirawa: ,,Élinga sang dipati, adja apepéka, mrih pati tanpa dosa, patiné baturmu iki, kang karaséng wang, ingsun mung memalesi.
  3. Udjer iku ingkang miwiti sikara, matèni bapa mami, ja sapa wongéa, wèh anak pinatènan, ngamuké wong tuwa mami, sira kang karja, sikara marang mami.
  4. Jèn ta adja mangkono wong tuwa ningwang, paran margané wani, ing mengko buk-bukan, wis tjog tan ana utang, élinga sira prijaji, wrangkaning nata, santananing narpati.
  5. Ingsun lagi nglakoni pakoning déwa, tinitah dadi tjilik, jèn kongsia lawan, aprang kalawan sira, utawa ingsun ngemasi, uga ta sira, mati kalawan mami.
  6. Saja iba gujuné wong ing Wirata, baja ta sri bupati, isin ngaku kadang, kasor prang lan wong kumpra, utawa tumekèng pati, bebatang ira, sapa sudi mbetjiki.
  7. Déné prabawanira sasat matengga, wong sapradja gung wing-wrin, kèdep déning sira, dadi sapolah-polah, tan ana wani malangi, temahan sira, mati sinronggot gendjik."
  8. Sang dipati mjarsa wuwusé Birawa, memirang memiringi, riwut dukanira, sigra anjandak panah, Birawa wus dèn lepasi, tiba ing djadja, nanging tan anedasi.
  9. Pupug punggel djemparing renjuh tugel pat, pinindo djinemparing, krep tinunda-tunda, djemparing nara wantah, nanging tanana nedasi, jata sang Arja, Kéntjaka jun mekasi.
  10. Langkung krodaning tyas njandak limpungira, sarwi sru dénira ngling, ,,Hèh Birawa sira, tuhu prawira ing prang, jèn adjaa lawan mami, kaja-kaja ta, wèt mangan pedes asin.
  11. Saking déné luwih kasantikanira, jèn mungguha wak mami, katekan prang muka, jèn wus sun nganţi sira, tikel pitajaning ati, mungguh timbangan, mèh pada karo mami.
  12. Mung setitik tjatjadé wus mesti sira, atmamu toklak-taklik, mung kari sakedap-, nétra ing uripira, katon wus sun pulung maring, ing limpung ingwang, dadi sun liwat asih.
  13. Lan awelas sun andulu angganira, tuwin lamun sirèki, arep amemekas, lah apa karepira, manawa sirarsa mukti, kang énak-énak, mengko sun kang nekani.
  14. Anahuri sugal Djagal Abilawa,: ,,Sun tan mitjara maning, mung agé élinga, ajwa kadurus sira, ngrodjongi tyasmu tan jukti, pan limpungira, iku kang sira pusti.
  15. Tanpa gawé tumiba ing angganingwang, mundak iku akardi, muwuhi sangsaja, bingungé atinira." Rahadyan duka tan sipi, ngajati sigra, pamunah satru sekti.

125