Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/153

Kaca iki wis divalidasi

tebihipun saking kiṭa kinten-kinten wonten kalih epal. Ing Batu Gantung punika wonten umbulipun, tojanipun ambèr, dados pangangsoning tijang salebeting kiṭa. Lampah kula urut margi èrèng-èrènging reḍi, senadyan lampah urut paredèn, nanging tansah ngambah pekampungan ingkang sanget redja, grijanipun ndendeng, tetijangipun ketingal sami njambut damel nambal djala, ndeplok sagu, damel tuwak (dèrèsan sagu), amratandani jèn tetijang ing ngriku sami madjeng-madjeng ing damel, Margi ingkang kula langkungi wau ajom sanget, lampah kula saja tebih saja njengkrèk saha ngambah margi ingkang mbambing, margi wau namung urut énggak-énggoking lèpèn. Labet saking nuntaking siti dados tojaning lèpèn wau gumrodjog sanget, kados wutah saking talang. Lampah kula ladjeng dumugi ing papan ingkang sakelangkung ajom, papan wau inggih wonten ing saping-giring lèpèn, ananging tojanipun lèpèn boten ketingal, amargi tinutup ing séla, dados ilining toja wau medal sangandaping séla. Séla wau warninipun petak pating tjringih, saèstu kados gumantung wonten ing sanginggiling lèpèn, awit saking kawontenan wau mila ing ngriku ladjeng nama ing Batu Gantung.

Ilining toja ing satjelakipun ngriku santer, lémbak-lémbaking toja ingkang tumempuh ing séla ketingal munṭuk peṭak muntjrat-muntjrat pinḍa sekar mlați sumawur ing patileman. Kaṭah tijang èstri ingkang adús tuwin umbah-umbah, benénipun sami tjetjiblon, dipun tingali saking katebihan kados pepinḍanipun para widadari sami lelumban. Wonten ing ngriku kula kèndel ngantos dangu, saking lam-lamen ningali kawontenan wau. Sareng sampun itjal sajah kula, kula ladjeng mlampah malih, marginipun minggah manḍap, ladjeng ngambah pasitèn munggul ladjeng manḍap ndjodjog; wiwit ing ngriku, sakiwa tengening margi dipun tanemi kroton, warninipun sakelangkung asri; wusana ladjeng dumugi panggénan udaling toja, inggih punika ingkang dados sirahing lèpèn wau, manggènipun wonten ing lelengkèhing redi, boten patos wijar, nanging wedaling toja deres sanget. Wiwit udalipun ladjeng kinulah ing tembok mubeng, pinasangan lompongan tinampèn ing urung-urung tosan, terus dumugi ing kiṭa. Wedaling pipa tosan wau urut èrèng-èrènging djurang, andjogipun ing kita ladjeng pinara-para dados katah, saben sapanggénan dipun dèkèki bikakan, tuwin wonten ingkang dipun djogaken ing palabuhan, ing ngriku dados pangangsoning kapal-kapal ingkang sami labuh. Satjelaking panggénan tuk punika dipundegi grija alit mawi ambèn-ambènan, kula kèndel wonten ing ngriku saha ladjeng tileman. Kula ningali manginggil ngiwa nengen ketingal asri sanget, marginipun ketingal ndjlareh urut lelengkèhing reḍi. Kroton-kroton ingkang dipun tanem wonten ing sapinggiring margi ketingal kados pepaès. Kula ladjeng adus, tojanipun bening kados katja, raosipun asrep kados ès, ḍateng baḍan raosipun sekétja: lakar kula sampun sawetawis dinten boten adus, baḍan kula ladjeng kraos èntèng.

Sesampunipun adus kula ladjeng minggah ing margi sisihanipun, marginipun saja njengkrèk minggah, sadumugi kula ing nginggil kula saged aningali lumahipun kita ing Ambon, ketingal tjeta wéla-wéla. Ing ngriku wonten witipun kwèni ageng, ing nganḍap mblaḍer kebak gogroganing sekaripun, warninipun abrit mberanang adamel seng-

151