Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/163

Kaca iki wis divalidasi

gètaken, déné angwontenaken gagasan ḍateng sakula tijang Djawi, kados sumerep mawèntèhan wudjuding banaspati saweg djumeḍulipun saking bantala, manut tjarijosipun ki ḍalang ringgit purwa, menawi nudju ngutjapaken isèn-isèning wana Krendawahana, inggih kahjangan ing Sétragandamaju. Menawi kula tjarijosna sedaja menggah langen-langening ngantariksa ing sonten wau, éndahipun kekuwunging pratjima ingkang tumpuk-tumpuk tempuk tetempuran ules, ing nganḍap akasa, kinten kula dangu peḍotipun,

Boten kula pijambak ingkang kastjarjan njawang kaéndahaning kodrat ingkang kados mekaten wau, saking panjawang kula sedaja prikantja kula késahan ugi mekaten, tanḍanipun kula sawang ulatipun sami ketingal padjar, setunggal boten wonten ingkang gaḍah ulat peteng. Sinten ingkang padjar ulatipun, mokal menawi boten senenga manahipun, amung para punggawaning baita, ingkang saéstunipun sampun boten katembèn sumerepipun ḍateng tetingalan ingkang kados mekaten wau, kaṭah ingkang ketingal boten manah babar pisan. Éwasemanten dajaning senenipun tjandra, meksa inggih saged nabeti dateng para punggawa wau, sedaja ketingal gaḍah semu sumèh ing pasemonipun, awit saking punika mèh sipat tijang ing baita inggih anglairaken raosing manahipun sarana rengeng-rengeng. Kula pijambak inggih boten kantun, tanpa njana sumerep menawi kula njekar Tjandrakusuma, sareng kula kagèt awit saking swanten kula pijambak, mungel: „Kalangkung ing tresnanira, marang Dyah Banontjinawi, mangka pisah unggjanipun,.......dumugi semanten tentreming manah ladjeng ébah sawatawis déning kèngetan dateng para kadang warga, raosing manah ladjeng anjes atis, rumaos menawi idjèn tebih sanak seḍèrèk, nanging mekaten wau inggih namung sekeḍap sanget, bebasan sagebjaring kilat, sebab raosing manah ingkang mekaten wau, mèh sami sanalika saged lipur déning pangudaraos : „Bok kang paḍa daktresnani kabèh bisa paḍa ana ing kéné, kena dak-adjak njawang kaéndahaning kodrat kang seméné adiné !"

Wudjudipun ingkang sami kula tresnani sanalika ladjeng ketingal ing gagasan, setunggal-setunggal gentos-gentos. Menawi nudju ketingal ingkang dados wosing tyas, tanpa kénging katahan malih, salebeting sanubari raosipun kumenjut ingkang tanpa pepinḍan, wosing manah boten lija namung boten téga. Mindak kepandjang-pandjang menawi boten kula tjupet semanten, sakiwa tengen kula boten kirang para panumpak ingkang ketingal lam-lamen ḍateng asrining sonten wau, wonten ingkang ngadeg ndjegreg ngantos dangu, wonten ingkang mlampah-mlampah akalijan rengeng-rengeng, sawenèh wonten ingkang linggih ing kursi, kawistara menawi angen lampahing gagasanipun.

Wantji ngadjengaken djam sanga, tanggal sampun baḍé angslup ing pratjima, kedjawi tumanggalipun ketingal sawetawis ageng katimbang saking paḍatan, wudjudipun ladjeng ketingal abrit malérah, bokmenawi darunanipun mekaten inggih taksih gegajutan malih kalijan suruping hawa saking samodra pasir Saharah. Sasuruping tjandra redi- redi ingkang nangguli tanah Afrikah, taksih ketingal anggameng tjemeng, saben kesorotan ing abjoring kartika ing tawang, ingkang sumebar ngebaki sakuwunging djumantara anglir gabah sinawur; Bima-

PEṬIKAN MANTJA WARNA

161