Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/55

Kaca iki wis dikorèksi

kados saweg nanding inggilipun. Ketawis ing semu menawi kuwatos sanget, mak gligap nglinguk ngiwa kados tijang kèngetan punapa-punapa, tumunten lumampah urut pinggir lèpèn, nrutjuk manginggil murugi sanganḍaping uwit elo. Manḍap sekeḍik njemplung ing lèpèn ngantos wates bangkékan, gogoh-gogoh ing nganḍap elo leres, ladjeng mentas anggèrèd baita, kauger malih wonten ing tjelak buritan, sanganḍaping uwit eso.

Kala semanten mbok Kasan-Ngali kaleres menḍet kadjeng ing kang katumpuk wonten ing ambèn-ambènan sawingking lumbung. Sumerep ingkang djaler langkung dipun pitakèni: „Niku Kjainé saking pundi ?”

Ingkang djaler rèhning suwau boten sumerep ḍateng bodjonipun, nolèh setengah kagèt: „Anu, mentas ngentasaké prau kaé apa! Wong kaliné kok geḍé temen, rada njilik-njiliki ati.”

„Angsalé boten adjeng ageng pripun, wong udané kaja ngoten, nèk boten kebener inggih minggah tenan banjuné, kaja ḍèk taun embing ngrika nika.”

Ingkang djaler murugi ing kanḍang maésa, ngolak-alik beḍijang, dipun tjuliki mrambutipun ingkang teles, ladjeng tjeluk-tjeluk kepénakanipun èstri: „Sah, Ngaisah, Ngaisah !”

Kepénakanipun sumaur saking pawon: „Kula pak!”

Kasan-Ngali: „Nggawaa senik kana, epèkna mrambut njang lesung, ning miliha sing garing.”

Ingkang èstri kala semanten sampun wonten ing pawon, njelani witjantenipun ingkang djaler,: „Niki mawon si Dakim, kadjengé menḍet mrambut enggih, wong Ngaisah seg ketanggungan ngratjik sambel.”

„Apa Dakim anang kono? Lah ija ta! Endang gelis Kim, geniné selak sirep.”

Dakim wau pangèn. Sareng mireng préntahing lurahipun mangsuli. „Enggih” njandak senik, tumunten medal ḍateng lesung, ḍikut anggènipun ngeruki mrambut, milih ingkang ragi garing, djalaran mèh waradin teles sedaja. Sareng kebak sasenik netel, kabekta ḍateng kanḍang, dipun urugaken ing beḍijang. Lurahipun ngelokaken: „Lah kok teles kabèh ngono ........... hè ?”

Wangsulanipun: „Enggih; wong garing-garingé mung niki, lintangé empun toja etok.”

„Damèné lèhmu tando dèk anu kaé isih akèh apa ?”

„Empun telas dèk wingi sonten nika. Niku sing kula pakakaké: angsal kula ngarit éndjing wau.

„Dadi ........ udan kaja ngana deresé ki .......... kowé ngarit ngono?”

„Lah witikna pripun, napa enggih kula enengaké mawon !”

„Wélah bagus tenan kowé, ija .......... suk Bada taktukokaké klambi ireng sing apik ja !”

Dakim mèsem kalijan mangsuli: „Enggih kjai!”

„Lah Dipa karo Nala pada anang ngendi ?”

„Sami wangsul, wong turéné grijané keleban toja, napa ngoten niku wau”.

Ing wantji ngadjengaken mahrib sampun katah laré ḍateng pating

53