Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/97

Kaca iki wis dikorèksi

jejasan pakartining krija, kagungan osik jèn saputjaking ardi baḍé kadamel keḍaton, saubenging redi kapasangan bètèng, djurang ingkang minangka larènipun; djurang kenaka kabobol andjog ing keḍaton, mawi pipa ingkang maḍangi margi, dados radja brana lestari kantun wonten ing ngriku, namung kapenḍet saking enggenipun kémawon. Ḍasaring djurang dados pasimpenan radja-brana agung. Taksih kaṭah malih galihipun Radèn Udakawimba, ladjeng medal saking djurang ladju kondur kepanggih ingkang rama. Kadangu déné ngantos sijang saweg wangsul, Radèn matur bilih katileman wonten ing djurang. Antawis dangu Radèn Udakawimba matur ḍateng ingkang rama jèn anggenipun asring nenepi angsal kamirahaning Pangéran, saged njipta wedi dados emas oré.

Kjai Ageng kagèt mireng aturipun ingkang putra: „Tjoba enggèr, njatakena kawruhmu iku, amestṭi aku lan kowé dadi wong misuwur.

Ingkang putra matur: „Punika boten kénging kasat mata ing sanès, rama, kedah mawi salat kadjat wonten ing redi namung klajan idjen, Menawi kepareng, rama namung narimaha nampèni saking kula satjekapipun karsa sampéjan, sarta sakadjeng kula. Nanging menawi kepareng rama sampun mawi amemantjèni kadjeng kula anggèn kula baḍé angwedalaken wragad kaṭah, angredjakaken ḍukuh Sumber-redja."

„Ija enggèr, aku bakal nurut ing sakarepmu, nanging njatakna kanḍamu iku, dadi ora kaja tjaturané wong ngimpi."

„Mangké dalu kula wangsul nenepi, éndjing kula wangsul, ambekta kasagahan kula wau."

Bakda Ngisa Radèn Udakawimba tindak kados sabenipun, sarta ambektą kanḍi ageng. Dumugi ing guwa ladjeng saré kémawon, éndjing muḍun ḍateng ing djurang malebet ing guwa keḍaton, ambikak geḍong radja-brana menḍet emas oré sakanḍi ngantos kebak, ladjeng kondur kepanggih ingkang rama. Ingkang rama gita meṭukaken ingkang putra sarta ladjeng dipun adjak malebet ḍateng dalem, pratingkahipun kadamel wados. Bebektanipun ingkang putra ladjeng dipun sokaken wonten ing bèri salebeting geḍong. Ingkang rama andjenger déné wonten mas oré semanten kaṭahipun, nanging ingkang putra boten pisan-pisan ketingal tumut éram. Éramipun sampun katilar wonten ing djurang keḍaton, ingkang taksih winados. Ingkang putra ladjeng rinangkul, sarta ladjeng dipun pangandikani: „Enggér, kowé lan aku bakal misuwur sugih radja-brana peparinging Allah; aku kang bakal anglebur emas iki sarta andadèkaké dandanan kang akèh pengadjiné."

Katjarijos Radèn Udakawimba ladjeng angirup tijang krija sami dipun djak gegrija ing paḍukuhan Sumber-redja, dipun tjekap kabetahanipun. Boten antawis wulan paḍukuhan Sumber-redja dados negari. Karsanipun Radèn Udakawimba dipun leksanani: njitak banon pinten-pinten keṭi, ngobong gamping pinten-pinten lumbung, tando wedi ngantos kados redi, kasareng panggaraping bètèng sarta pangeburing redi, punapa déné pangrakiting keḍaton, tuwin margi ageng, margi terusan lan margi simpangan. Dalasan taneman rerengganing keḍaton miwah pepeṭètaning margi-margi wau ingkang murih aub;

95