Kaca:Piridan Paramasastra.pdf/38

Kaca iki wis divalidasi

37

gantung + siwur gantung siwur (urut-urutane kulawarga, mudhun 7 turnan).

b). Jamboran undhar, yaiku kang tembung-tembung isih madeg dhewe-dhewe lan tegese durung luluh: pager wesi, tukang sepatu, gula tebu lsp.

Warna-warnaning tembung jamboran.

  1. Kang Tembunge ing buri dadi katrangane tembunge kang ngarep: dalanggung, dubang, pala kependhem, gudhang - kopi, driji sikil lsp.
  2. Kang tembung-tembung mujudake gerban sarta ing antarane kena diseseli tembung lan (karo) :

bapa-biyung
anak-putu
bumi-langit
rina-wengi

= bapa lan biyung
= anak lan putu
= bumi lan langit
= rina lan wengi

  1. Tembung-tembung kang mratelakake cacah utawa ukuran iku uga awujud gerban.

Dene gandhenge ategese
 suwidak pitu
 patang meter
 sangang atus

lan, karo utawa tikel
suwidak + pitu
tikel papate semeter
tikel sangane satus

  1. Tembung kang ngarep lan kang buri padha tegese :

Dene prelune kanggo mbangetake surasane.
Ana kang tegese: Ora gumathok, akeh utawa warna-warna, ndadekake basa rinengga (pacakan).

sabar-drana
andhap-asor
welas-asih
sungsun-timbun
} mbangetake
sumbang-surung
tambal-sulam
tutur-sembur
} ora gumathok
sanak-kandang
bot-repot
tanem-tuwuh
} akeh utawa warna-warna