Kaca:Piridan Paramasastra.pdf/4

Kaca iki wis divalidasi

3

BAB I JINISING TEMBUNG

Manut jinise tembung iku ana 10 warna, yaiku kang di arani :

1. Tembung aran (substantifa)
2.   "   kriya (verba)
3.   "   kaanan (ajektifa)
4.   "   wilangan (numeralia)
5.   "   sesulih pronomina)
6.   "   panyilah (artikal)
7.   "   pangiket (konjungsi)
8.   "   ancer-ancer (preposisi)
9.   "   sabawa (interjeksi)
10.   "   panerang wasesa (adverbia)
1. Tembung aran (substantifa)

Kang diarani tembung aran yaiku terbung-tembung kang mratelakake araning barang (jenenging barang) utawa kang dianggep barang. Cethane yaiku kang maujud lan kang ora katon. Kang ora katon (ora kasat mata) iku sejatine anane mung sajroning pikiran bae.

Tuladha :

a. kang maujud: gunung, wit, wabu, meja, klambi, omah lsp.
b. kang ora kasat maba: bebuden, kekuwatan, sesawangan, paseduluran, tekad lsp.

Kajaba saka iku kang uga klebu jinising tenbung aran :

a. kang mratelakake jeneng; Sarija, Merapi, Serayu; Indra, Wisnu lsp.
b. kang mratelakake jinis: gajah, omah, manungsa lsp
c. kang mawa panambang -ku, -mu, -e,: lakuku, guyumu, karepe lsp.

Tembung aran iku yen ana ing ukara kang akeh-akeh madeg dadi jejer ubawa lesan, senajan iya ana ukara kang wasesane tembung aran.