Kaca:Piridan Paramasastra.pdf/5

Kaca iki wis divalidasi
4

2. Tembung Kriya (Verba)


Tembung kriya yaiku tembung kang mratelakake pagawean utawa obah.
Tuladha tembung kriya lingga: lunga, adus, tangi, lsp.
Tembung kriya andhahan upamane: nulis, digambari, kagawa, lsp.
Tembung kriya iku yen wasesaning ukara diarani kriya wasesa.
Ana tembung kriya tanduk upamane : njaluk, mbalang, nggandhuli, lsp.
Ana uga tembung kriya tanggap upamane : digawa, katulis, jinaluk,lsp.
Tembung kriya iku ana kang mawa lesan (transitif) umpamane : nulis, mangan, njaluk, lsp.
Ana uga kang tanpa lesan (intransitif), upamane: tangi, lunga, adus, nangis, lsp.


3. Tembung Kaanan (Ajektifa)



Tembung kaanan iku tembung kang mratelakake sipat, watak utawa kaananing barang utawa kang dianggep barang.


Upamane:


Omah iku gedhe.
Banyune anyep.
Klambine abang.




4. Tembung Wilangan (Numeralia)



Tembung wilangan iku tembung kang mratelakake cacah utawa urutan (tataran).
Tembung wilangan kang mratelakake cacah uga diarani tembung wilangan baku,umpamane : siji, loro, telu, lsp.
Kang mratelakake urut-urutan (tataran) umpamane: kapisan, kapindho, katelu,lsp.


5. Tembung Sesulih (Pronomina)



Tembung sesulih iku tembung kang dadi sesulihing barang utawa kang dianggep barang.