Kaca:Piridan Paramasastra.pdf/9

Kaca iki wis divalidasi

8

A. ATER-ATER

1. Ater-ater a lan ma.

Tembung lingga yen oleh ater-ater a utawa ma rimbage diarani bawa ha.

Trape ana ing tembung sing diraketi terkadang di kantheni aksara irung (anuswara), terkadang ora.

Tuladha:

a. a + bang dadi abang kaanan
  a + keh dadi akeh
  a + doh dadi adoh
  ma + bukuh dadi mabukuh
b. a + kembang dadi akembang darbe, nganggo
  a + rupa  "  arupa
  a + sikil  "  asikil
  a + cundhuk  "  acundhuk
  a + caping  "  acaping
  a + klambi  "  aklambi
c.  ma + ubah dadi molah obah
  ma + laku  "  malaku
  ma + lebu  " malebu
  ma + ng + isor  "   mangisor
  ma + ng + arep  "  mangarep
  ma + ng + kidul  "  mangidul

2. Ater-ater anuswara (,, n, ny, ng )

Tembung lingga yen oleh ater-ater anuswara dadi tembung tanduk. Rimbage diarani rimbag tanduk.

Trape ater-ater anuswara ing tembung lingga mawa-mawa aksara purwaning lingga kang rinaketan ater-ater mau.