Kaca iki wis divalidasi
EVALUASI II
I. Bunderana a, b, c utawa d sing koanggep bener!
- Tembung siji sing diwaca kaping pindho kabeh tembunge utawa mung sawanda, diarani tembung:
- lingga
- rangkep
- camboran
- andhahan
- Bengek-bengek, manut wujude kagolong tembung:
- dwilingga
- dwipurwa
- dwiwasana
- dwilingga salin swara
- ”Pangapunten” manut wujude kagolong tembung:
- andhahan
- lingga
- rangkep
- camboran
- Cekakak lan celili kagolong tembung rangkep:
- dwiwasana
- dwipurwa
- dwilingga
- wilingga salin swara
- "Sasampunipun” bisa karimbag dadi:
- sa-sampun-ipun
- asampun-ipun
- sa-sam-pun-ipun
- sa-sampuni-pun
- Purwadi ndhaftaraken wonten kalih panggenan. Ukara iki kadadeyan saka:
- 5 wanda
- 14 wanda
- 39 wanda
- 1 wanda
- Tuladhane tembung saroja umpamane:
- dawa cendhak
- andhap asor
- wira-wiri
- arga = gunung = ardi = meru
- Rinten ndalu mboten kendhat anggenipun nyenyuwun nugrahaning pangeran. Nyenyuwun kagolong tembung:
- dwilingga
- dwipurwa
- dwiwasana
- kabeh jawaban bener
- Emban cindhe emban siladan tegese:
- adil
- ora adil
- tulung menthung
- ora ngira
- Wong tuwa kang tansah nyekarep pepenginane anak nanging tansah ora kendhat aweh pitutur.
POKOK UJI BAHASA DAERAH 1 13