Kawan kilan ambané kang tjremin, parandéné amba punang katja, pun Wudjil lawan dedegé, punang Wudjil ingutus, angadega hèh sira Wudjil, kang kinèn sampun mangkat, pun Wudjil andulu, ing ngarsa kekutjirira, kadi raré wadana andjeruk-wangi, èstu. sampun atuwa.
Pun Sadpada angling hèh ra Wudjil, sira ngadeg pan ingsun asila, parandéné pada mangké, lir raré jèn dinulu, rerainé andjeruk- wangi, mèsem Sang Adiningrat, hèh Wudjil sirèku, amalesa dipun énggal, uni éndjing kawula saweg sinapih, déné punang Sadpada.
Pun Sadpada angling hèh ra Wudjil, karsaningsun lawan karsanira, pundi ta mangké tunggalé, Wudjil djawaben ingsun, rupa lanang kalawan èstri, pundi tunggalé ika, pun Wudjil amuwus, nora nana prabédanja, lanang wadon pan iku tinunggal tjremin, lir rupané papreman.
Pun Sadpada nora weruh wangsit, pundi tunggal gusti lan kawula, jèn tan wruh sasar idepé, pun Wudjil gja sumaur, nora nana udjar puniki, pan sira salah tampa, mèsem Kang Sinuhun, lah Wudjil sira marepa, awasena kang ana tjremin puniki, teka- lungané rupa.
Rupa kang anèng sadjroning tjremin, lamun mandjing ija ndi nggonira, jèn lunga endi parané, hèh ta Wudjil sirèku, lah manggèna wuriné tjremin, si Sadpada ta ija, rupa roro iku, rupané si Wudjil ika, ingkang ana djro tjremin enggoning malih, Ni Sadpada kèmengan.
Inggih Pukulun rupi satunggil, Wudjil wonten wuriné kang katja, boten katingal rupiné, kang katingal Pukulun, amung rupi- kawula jekti, lah Sadpada lungaa, manggèna ta iku, ing nggoné si Wudjil ika, hèh ra Wudjil metuwa sira dèn aglis, dulunen rupanira.
Rupanira Wudjil dèn tingali, Ni Sadpada Wudjil iku ana, rupané ing katja mangké, inggih pun Wudjil matur, boten wonten rupaning èstri, aming rupi-kawula, Pukulun puniku, anèng ngendi si Sadpada, ing rupané pun Wudjil matur ngabekti, nuwun bendu kawula.
Pun Wudjil matur saha sung bekti, Kang Sinembah nggraitèng kawula, tunggal ing loro karsané, orané ananipun, ananira orané singgih, dèn aris sira ngutjap, unggahé ling iku, pun Wudjil umatur nembah, datan kena mungguh raosana iki, anuwun tedah-tuwan.
Sang Ratu Wadat ngandika aris, hèh ra Wudjil bener udjarira, semuné iku unggahé, la ilaha puniku, amot nafi isbat puniki, nafi djatiné ora, isbat ananipun, tegesé Pangéranira, sifat ora ing orané
sampun uwit, ananéku nakirah.
9