Nafi nakirah lan nafi djinis, mapan iku djinisé Pangéran, nafi kang saha isbaté, nafi lan isbat iku, nora pisah pan nora tunggil, nafi kalawan isbat, nafi karonipun, loro ingkang winaleran, déning ila karoné tan kena mandjing, déning lafal ila'llah.
Hèh ta Wudjil kawruhana malih, kang isbat iku dipun waspada, atuduh maring isbaté, dalil lawan madelul, iku mangké saminirèki, kang alafal ila'llah, musbat aranipun, isbat iku hisimu'llah, pan tan kena ora na Pangéran malih, anging lafal ila'llah.
Hèh ta Wudjil éwuh udjar iki, ija mungguh ingkang panarima, pan éwuh lelebonané, marmané wong puniku, kudon tansah udjungan angling, sami amidjet lafal, tartibé dèn rebut, sarab ngamil djuru- mijah, pekih usul dèn gulang rahina wengi, kawruh kandeg ing lafal.
Lah ta Wudjil iku kang sajekti, solahira solahing Hjang Suksma, rupanira satemené, rupanira Hjang Agung, ingkang bisa Wudjil nampani, lir wité kang tjumedak, lan nangka dinulu, kaja sukun lan kaotan, ija Wudjil saimba warnanirèki, lir kalak lan kenanga..
Kang sawenèh amilu ngrasani, pangutjapé ija pan mangkana, nanging durung wruh djatiné, amung udjar pitutur, mungguh sastra kang den ugemi, tinélad ingutjapna, kinarja kekidung, kalèdjemé ing aksara, tan uninga iku Wudjil den atampi, sasar jèn tan weruha.
Karané wong kang satengah Wudjil, manggung gawé anggegulang basa, sunat prelu sakabèhé, sembahhjangé tan surut, ija iku ingkang ngalingi, puwasa lan sidekah, djakat pitrah iku, ija pan iku brahala, jèn katungkul sangsaja tan wruh sajekti, idepé wong bebakal.
Ingkang kitab apan sa-pedati, datan pegat hukum kang den ulah, haram batal sakabèhé, sangsaja sru kepaung, iman tohid kang dèn rasani, ma'rifat kang dèn ulah, sangsaja abingung, kawula gusti dèn utjap, angampelu sembah pudji dèn lelari, iku wong salèwèngan.
Dzat-sifaté ingkang dèn rasani, lafal asma kalawan afe'al, jèn ngutjap saja siriké, miwah nabi ta iku, wali mukmin kang dèn rasani, saja sru déning sasar, lampahé wong iku, maksih angèstokken warta, kurang gawé alingan kawula gusti, angur pada turona.
Tan mangkana ingkang sampun luwih, kang nama tunggal. kahana tunggal, tunggal sapari-polahé, anging kang dèrèng weruh, apan ija amaksih ngintji, dèn sengguh dudu Suksma, ananira iku, sing sapa ngrasa kawula, ija iku idepé wong maksih djahil, iku wong
paneluhan.
10