Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/17

Kaca iki wis dikorèksi

Sembah ing Allah puniku singgih, durung lair ing kalbu kéwala, iku sembah ing Hjang mangké, adja ta salang surup, suksma iku apulang widji, mangkja katah katingal, paran tingkah iku, apan gumelar ing djagad, jèn mangkono akatah puniku singgih, iku paraning karsa.

Sunan Kali angandika aris, apitutur saisining djagad, sifat rong-puluh kumpulé, wudjud lan kidam iku, ja ta paran ingkang rumijin, lamun djinawab ika, kabèh salah iku, kudrat prenahé punika, aran kudrat Pangéran Kang Maha Tinggi, kang ora ora-ana.

Marma kudrat ta puniku singgih, ingkang nora iku dadi ana, iku kudrat kuwasané, birahining Hjang iku, arsa tinon ing warnanèki, iku kagunganira, kasugihanipun, pan kasugihaning Allah, nora lijan. punika anganggé singgih, Allah ingkang nganggowa.

Lir kadi ringgit ingkang dumadi, nora lijan anggèné ki dalang, polahé dalang jektiné, polahé wajang iku, anut singgih rupané. ringgit, Ki Samba polahira, aladak kadulu, kja dalang apan mangkana, kadi Samba tindak-tanduk polahnèki, anut karsaning wajang.

Molahaken ing Semar puniki, polah dalang pan kadi Ki Semar, andaléja ing polahé, mangkja Gusti Kang Agung, pan mangkana dènnja mimbuhi, anut sasolahira, ing kawulanipun, kalamun tan mangkonowa, tan djumeneng ananing Allah puniki, pan apes ananing Hjang.

Marmané kawruh tan kena serik, pan wus weruh lamun kasugihan, ala betjik ing polahé, muwah kang djahil iku, kang panastèn kang tjupet singgih, pan iku pandumira, sesandangan iku, Allah amatut rupanja, rupa sugih tan patut kinarja miskin, iku sandanganira.

Luwih katah kagungané iki, nora lija gusti anganggowa, puniku dèn agem déwé, kabèh sawarninipun, sami dipun anggé puniki, kang lungset lawan anjar, kagem sadajèku, tan kari anèng simpenan, pan ginelar sadaja kagungan gusti, adja kandeg kagungan.

Ingkang nulis tuhu amemeling, mring sakèhé kang asedya matja, dèn pada angrasakaké, ija ing rasanipun, ingkang sastra winatja iki, miwah ingkang kagungan, inggih mangkonèku, sampun kandeg kasimpenan, asring-asring winatjaa ingkang tulis, gajuhen

rasanira.

16