Ulam sakedung tan ana kari, girang-girang mangké kang andjala, tan wruh jèn ana badjulé, pan ing bengawan iku, ingkang baja badjul sadjati, déné nora ketara, awor lawan banju, ketjemiké tan koningan, lamun kurda tan ana mungsuh nadahi, amangsa mring kang ndjala.
Karané mangké tingkah puniki, adja sira amuhung Pangeran, punika ta 'ibaraté, raganipun amuwus, kawulané ananing Widdhi, tandané jèn sinihan, padané Mah Luhur, déné njatané kawula, sira iki satimbang rasaning Widdhi, pan kinarja trasanda.
Trasandané kawula linuwih, lamun sira mangké durung awas, warnaning kapiting mangké, juju wimbuh dinulu, ja Muchammad lawan sirèki, nora béda panunggal, ja Muchammad iku, Muchammad lawan Pangéran, kadi sekar kalak kenanga kang djati, tunggal wimbuh warnanja.
Lamun mitjara ing 'ilmu djati, ingkang sampun amanggih rerasan, tan karasèng lati mangké, pan ing kawruh puniku, datan kena ingutjap malih, jèn ana ngutjapena, ing kawruh puniku, jèn maksih angutjapena, ing kawruhé wong iku pan sapiduni, marma dipun wewéka.
Midjil
Sekar midjil ing wong peksa luwih, arsa ketjap kang wong, amemedjang wong pasèk sedyané, lan durdjana lebé modin katri, tjatur kaumnèki, dèn wruh semunipun.
Sangkanipun pada mijarsèki, kang winarna tinon, ingkang kalot ing rasa muljané, ijèku pantes kalotèng jekti, amor rasa djati, kang amudji iku.
Rasa iku nurbuwat kang djati, duk ing sifat ramal, wau medal ing awal djoharé, wus diwasa ingaranan singgih, djohar achir nami, iku dipun weruh.
Djohar awal dèn ken rasa djati, mring achir kang djohar, tunggal wudjud saparipolahé, nggènnja amor wudjudé sapari, polahé. pan sami, apané kang dudu.
Amor ingkang gusti-kawulèki, ja ing djohar kono, tunggal urip tunggal ing rasané, tunggal djohar achir awal singgih, dèn angrasa
jekti, ing sira satuhu.
18