Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/24

Kaca iki wis dikorèksi
BREKAHE SUSUHUNAN PANGGUNG
Suluk Malangsumirang

Dandanggula

Malang sumirang amurang niti, anrang baja nggènira sung. gita, raré nom akèh duduné, anggelar udjar luput, anrang baja tan wruh ing wèsti, angutjap tan wruh ing trap, semu kadalarung, andaluja ambelasar, dahatira tansah amalang-sengiti, tan kena winikalpa.

Andaluja kadudon dènnja ling, tan apatut lan udjaring sastra, amurang dedalan gedé, ambawur tutur-tutur, anut marga andjungkar angin, anasar ambelasar, amegat kekutung, tan ana lampah dèn garap, pan kawingking kadjèné tan dèn rasani, liwung kaja wong édan.

Pangawruhé kadya raré alit, tan angrasa dosa jèn dinosan, tan angritjik tan angrèntèng, tan étang tan na étung, kalal karam tanpa rinitji, wus mandjing ambirawa, liwung tanpa tutur, anganggé sawenang-wenang, mandjing 'alam ing wong ingkang kupur kapir, tan ana dèn tataa.

Murang sastra udjaré sarèngi, atjawengah lan sabda pandita, asulaja lan wong akèh, winangsit andalarung, kedah anut lampah tan singgih, mulané ambelasar, wus amanggih tuduh, djatiné wus puruhita, laranipun fan ana dèn pirantèni, sakèhing pringga baja.

Pangutjapé wus tanpa pakéring, nora na bajané wong uninga, ing kadjatěné awaké, tan na bajaning weruh, jekti tan wruh djatinirèki, pan djatining sarira, tan loro tetelu, kadya nganggé reringgitan, duk susupan kang lunga andon aringgit, djaroman sing nagara.

Anèng Gegelang alampah ringgit, ngalih aran Ki Dalang Djaroman, amendem ika sedjané, nora na ingkang weruh, lamun sira Pandji aringgit, baloloken ing warta, udjaré kang ndulu, pada ngarani dadalang, dahat tambuh jèn iku Putra ing Keling, kang aminda dadalang.

Adoh kadohan tingalirèki, aparek mangké tur kaparekan, tan wikan pandjing-surupé, dèn sidep baja dudu, lamun sira Pandji aringgit, baloloken ing rupa, Pandjiné tan weruh, lir Wisnu kalawan Kresna, nora Wisnu nanging Kresna Dwarawati, anjipta gara-gara.

Wisésa djati Kresna siniwi, kang pinudji djagad pramudita, dèn weruha ing obahé, Hjang Kresna djati Wisnu, kang amanggih nora pinanggih, apan ija atunggal, kadjatènirèku, pramulané ana djagad,

ametokken kawignjan Sang Wisnu Murti, njatèng Sang Arja Kresna.

23