Akèh wong korup déning wong kaki, tjiptanira nggoning puruhita, dèn pisah-pisah djatiné, dèn sidep sijos wudjud, lan djatiné kang dèn ulati, umbangé wong kapiran, tanbuh kang dèn dulu, iku ora ilang-ilang, kapuputan mider mider ing namèki, déning tan wruh kasidan.
Brahalané dèn géndong dèn indit, malah kaboten déning dandanan, durung wruh ing kadjatèné, tjiptané tanpa guru, ngamungena udjaring tulis, dèn turut kitabira, dèn tutur anggalur, den utjap kadi dongèngan, sadjatiné dèwèké nora dèn liling, pidjer dènnja memilang.
Udjar kupur kapir kang dèn tampik, dosa tjilik gedé kang dèn tulak, iku wong anom kawruhé, sembahhjangé dén gunggung, puwasané dèn ati-ati, tanpa jun kasalahna, karipus ing kukum, ingkang tumekèng wisésa, sembah pudji puwasa tan dèn wigati, tan wruh ing sangkan paran.
Sakèhing dosa tan dèn kawruhi, udjar kupur kapir tan dèn rimat, wus liwung ing pangidepé, tan na dulu dinulu, tan angrasa tan angrasani, tan paran tan pinaran, wus djatiné suwung, suwungé tan ana ika, ing anané ana ing rasa sadjati, tan kena rinasakna.
Dudu rasa kang ginawa iki, dudu rasa pan rasaning suka, dudu rasané latiné, dudu rasa rasèku, dudu rasa rasaning kuping, dudu rasaning tingal, kang rasa puniku, amengku sakèhing rasa, rasa. djati tan karasèng djisim-djisim, rasa mulja wisésa.
Kang wus tumeka ing rasa djati, panembahé tan lawan nalika. lir banju mili pudjiné, nora na bédanipun, meneng muni aturu tangi, bukti mjang nginum ika, lumaku alungguh, dadi bekti ing Pangéran, kang wus teka ing tunggalira kang djati, anging ingsun kang ana.
Ingkang tan awas mangké ku kaki, pasti mantep kawula kang awas, teka ing sembah-pudjiné, amudji ingkang weruh, panembahé rahina wengi, mantep pan nora ana, udjar iku luput, nanging poma tekakena, dipun awas tegesé ing kupur kapir, sampun kandeg rerasan.
Jèn tan wruha udjar kupur kapir, wong puniku pan sampurna kéwan, maksih mentah pangawruhé, kang tekèng urip iku, ija iku sampurna djati, pan wekasé kasidan, kupur kapir iku, ija sadat ija salat, ija idep ija rasa ija urip, ija tegesé Islam.
Mangkana kang wus wikan ing djati, kang minangka sadjatining rasa, anging kawula djatiné, kèngering ingkang tan wruh, pan kabandang idepé gingsir, katèmper déné warta, milu kapiluju, ing wartané wong akatah, pangérané dèn sidep ana kekalih, kang
amurba misésa.
24