Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/27

Kaca iki wis dikorèksi

Déné anggoné angadjawa kang kadjudjug sapisan ing kuta Gresik, Sang Tapa bandjur kekuwu mandita, suwé-suwé luwih gedé kramaté, sawisé sawatara masa anggoné mentjaraké agama lan ilmu rasa, Sang Pandita bandjur séda, pinèngetan sédané nalika taun Maséhi 1419, dadi pepundèné wong bumi ing Gresik lan sakiwa- tengené, kanggo pénget ka-Islaman, lan kanggo panepèn apa déné pakaulan.

Kotjapa Sang Prabu ing Tjempa isih kagungan putra putri kabener ariné Putri Ratu Dwarawati garwa Prabu ing Modjapahit, bareng wis masa dipalakramakaké kang rama olèh bangsa Sajid saka tanah 'Arab, aran Sang Sèch Tunggul, Sang Putri patutan sidji kakung, diparingi asma Radèn Rahmat.

Bareng Radèn Rahmat wis diwasa, kadawuhan kang éjang saha rama ibu, kinèn suwita marang nagara Madjapahit, awit iku kang uwa, Radèn Rahmat bandjur mangkat.

Tumeka nagara Madjapahit, katur Sang Nata, katampan pasuwitanė, suwé-suwé diparingi idi, dadi guru 'ulama, saha djuru memulang agama Islam, ing kono kadjundjung dadi Waliju'llah, kaparingan dedépok ing Ampèldenta ija ing Ampèlgading, katelah kasebut Kangdjeng Susuhunan ing Ampèlgading, gedé kramaté saha awibawa kinèringan sakèhing para kawula.

Anudju ing dina sawidji, Sang Wiku Susuhunan Ampèl akarsa nganglang ing laladan kono, tumeka sapinggiring kali, Sang Susuhunan Ampèl mirsa iwak gedé sarta baja, pada tarung ramé ana ing telenging kali mau, saka pada sudirané, iwak sarta baja mau mati sampjuh, Sang Wiku andangu marang para wong-wong sahabat ing kono, iku iwak apa arané, para sahabat ora pada mangreti arané iwak mau, amarga anèh rupané, Sang Tapa bandjur andawuhaké sabda, rèhné iwak iki wani mungsuh karo baja, dak- paringi aran iwak Sura, jèn mangkono rèhné ing kuta Ampèl iki gedé lan djembar, samengko tak-paringi djeneng nagara Surabaja, para sahabat kabèh miwah 'ulama sarta wong bumi mangajubagja, ing kono wiwité aran kuta Surabaja utawa Surapringga, sura iku wani, pringga iku papan, papané iwak wani karo baja.

Kangdjeng Susuhunan ing Ampèldenta, kagungan putra patutan saka garwa putri tariman Sang Prabu ing Madjapahit, kakung kaparingan asma Wali Makna, bareng wis diwasa kadjumenengaké Wiku ing nagara Tuban, asma Susuhunan ing Bénang, ija iku talatah ing Rembang.

Ing wektu iku wiwit ananė panuntun agama kang asma Wali Sanga, ambaboni para wong-wong Islam kang wis korut utawa kérup marang para Wali, ing tanah Djawa wis méh sapratelon kang ngrasuk agama Islam.

Wali Sanga kang misuwur kawibawané, ija iku putrané angkat Njai Trenaté, ija iku Susuhunan ing Giri Pura, kang mauné nganggo sesebutan Pangéran, saka supeketé marang agama Islam, bandjur

asma Prabu Sètmata utawa Prabu Satmata.

26