énggal-énggal kawetokna, awit tetéla andadèkaké prihatin, Sang Nata ora anggalih kalajan subasita, bandjur angidèni baé, nanging sinandi, Sang Nata bandjur angutus Patih, Putri Tjina katarimakna marang kang putra Djaka Dilah ija Arja Damar Adipati ing Palembang, sarta wineling, jèn djabang baji durung lair, ora kalilan anunggal saré saha among raras, Sang Adipati matur sandika, bandjur bojong menjang nagara Palembang.
Bobotané Sang Putri Tjina wis tumeka masané, ambabar metu kakung luwih bagus, pinaringan asma Radèn Patah, bareng mèh diwasa, Sang Arja Damar uga bandjur kagungan putra manèh saka Putri Tjina mau, metu kakung dedeg pideksa mèh sairib karo Raden Patah, diparingi asma Radèn Husèn, satrija loro mau banget sih lan rukuné, sawisé Putri Tjina nganakaké Radèn Husèn, Sang Putri katjarita séda konduran.
Radèn sakaroné iku, Radèn Patah lan Radèn Husèn, bareng. wis diwasa, kadawuhan kang rama bandjur angadjawaa, anggeguru agama Islam, saha andjudjuga ing Ampèlgading, Sang Radèn sakaroné bandjur mangkat.
Lakuné Raden Patah wis tumeka ing Ampèlgading, katampa dadi siswané Sang Wiku, awit Sang Wiku wis witjaksana jèn iku tjalon Ratu Panuntun Agama Islam. Bareng putus pangawruhé marang rasané agama Islam, bandjur kapundut mantu marang Sang Wiku, kadaupaké karo putri wajahé Sang Wiku, sawatara masa bandjur kadawuhan abebadra babad ing alas talatah Bintara, ana déné kang raji Radèn Husèn, pinurih ambandjura suwita marang nagara Madjapahit, bandjur mangkat.
Lakuné Radèn Husèn wis tumeka ing nagara Madjapahit, séba ing ngarsa Nata, katampa pasuwitané, bandjur winisuda dadi Adipati ing Terung, asma Adipati Petjattanda.
Katjarita Radèn Patah wis tumeka ing talatah Glagahwangi alas Bintara, babad alas wis dadi nagara luwih gemah tata rahardja, djumenengé ing kono Radèn Patah kinèringan ing sapada - pada, inganggen Radjaning Agama Islam, suwé-suwé kamirengan Sang Prabu Brawidjaja ing Madjapahit, Radèn Patah katimbalan kang rama, uga seba, Sang Prabu banget asihé, kang putra bandjur kadjumenengaké Adipati ing Bintara, kaparingan asma Adipati Natapradja, ing kono bandjur kaparingan bala saleksa, sarta ing. Bintara kaelih aran nagara ing Demak, Sang Adipati bandjur kapareng kondur ingirid para wadya.
Nagara ing Demak wis redja, tur wibawa mukti, Sang Adipati wis angagem asma Adipati Natapradja, atur pamrajogané para Wali arsa jasa masdjid, wusana kalakon dadi, saka guruning masdjid. kang sidji katjarita tatal, adegé masdjid Demak dipèngeti nalika taun Maséhi 1450, saéngga sapréné jèn ing sasi Besar kanggo
tetepan kadji.
28