Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/30

Kaca iki wis dikorèksi
BEDAHE NAGARA MADJAPAHIT

Katjarita, suwé-suwé para Wali duwé pirembug karo Adipati ing Demak, jèn kang rama Prabu Brawidjaja kapeksaa angrasuk agama Islam, Adipati Natapradja (Radèn Patah) mangajubagja lan sanggem, sarta dibijantoni Adipati Palembang Sang Arja Damar, saha kang saguh njénapatèni prang ija iku Sunan Ngudung, kalakon. budal.

Nagara Madjapahit ing wektu iku dilambangi: Matjan galak, semuné tjuriga ketul.

Para Wali wis ambudalaké para pradjurit, sénapati Sunan Ngudung, tumeka Madjapahit dadi prang, prangé wadya Islam pada mundur, para Wali ngetokaké pangabaran rupa tawon, sarta tikus, Sunan Ngudung mati perang amungsuh Adipati Terung Sang Adipati Petjattanda (Radèn Husèn), katjarita perang lèrèn disik, para Wali angrembug prajogané.

Sasédané Kangdjeng Susuhunan Ngudung, kagentènan putra Susuhunan Kudus.

Wis sawatara rampung panemuné para Wali, Sang Adipati ing Demak ngutus ngadani perang manèh. Adipati Terung kabener kang raji Sang Adipati Demak, kena kabudjuk kalakon ambalik, wong Madjapahit pada giris.

Patih Madjapahit sarta Radèn Lembu Pangarsa, apirembug arsa labuh sirnaning para najaka lan para adipati, bandjur mapag nerang, wadya Demak sarta para adipati Islam akèh kang mati, suwé-suwé para Wali angetokaké karamat, Patih Madjapahit lan Radèn Lembu Pangarsa temah kasambut ing prang, sawadya-balané Lumpes, ora ana kang gelem ngrasuk agama Islam.

Katjarita Sang Prabu Prabu Brawidjaja, bareng uninga para wadya, santana, Patih, sarta kang putra w's séda, Sang Nata pamit kang garwa, maneges karsaning Hjang Suksma tinurutan, Sang Nata muksa dalah saisining karaton, mung sawatara lajang pakem tuwin wéda salong kari.

Sarèhné garwa Nata Putri Ratu Dwarawati wis agama Islam, bandiur kabojong marang nagara Demak.

Satekané ing nagara Demak, Sang Putri Tjempa njuwun pangaksama ing Allah, kalajan pamusti bisaa anunggal kang raka Sang Prabu Brawidjaja, suwé-suwé katarima, Sang Putri murud muksa kuwandané, pinèngetan sédané Putri Tjempa nunggal taun karo bedahé nagara Madjapahit, sinangkalan: Sirna ilang kirtaning bumi — 1400, taun Maséhi 1478.

Kaol, sasédané Sang Prabu Brawidjaja, Kangdjeng Susuhunan Giri djumeneng Ratu ing Madjapahit, mung sadjroning 40 dina, prelu anjirnakaké agama Buddha, sarta angobongi lajang-lajang

kawruh Buddha kabèh, wis rampung.

29