Kang disirnakaké kaja ta: retja-retja kang kaanggep brahala. sinembah, tjandi-tjandi, lajang wéda kang gawat-gawat, mung upa- tjara kaprabon lan bangsal Pangrawit kabojong marang ing Demak kanggo sarambi ing Masdjid.
Sawisé rampung prang saha lerem, Sang Natapradja djumeneng manèh dadi Adipati utawa Sultan, asma Panembahan Djimbun Adi Panatagama Sénapati Ingalaga Panembahan Palembang.
Kotjap, putra-mantu Sri Brawidjaja Pamekas, kang asma Sang Adipati Andajaningrat ing Pengging (nalika timuré aran Djaka Bodo), wis sepuh bandjur séda, tinggal putra kakung loro, kang tuwa asma Kebo Kanigara, kang anom asma Kebo Kenanga.
Ki Kebo Kanigara, lumuh banget angrasuk agama Islam, bandjur tapa ana ing alas, nuli séda, akèh sakabaté kang pada béla.
Ki Kebo Kenanga, saka kawekèning galih gelem anglakoni agama Islam, mula bandjur gumanti kang rama dadi Adipati ing Pengging, asma nunggak semi asma Adipati Andajaningrat, sawatara masa Sang Adipati anggeguru marang Sèch Sitidjenar, bandjur lumuh marang agama Islam.
Sèch Sitidjenar, Wali kang katjarita kadadijan saka tjatjing lur, murtat saka ing agama Islam, bandjur kaukum kisas déning para Wali, djalaran bandjur akèh kang mentjaraké agama Buddha, Sèch Sitidjenar wis sirna.
Bareng Sèch Sitidjenar séda, Sang Adipati Andajaningrat panggalihé malik ambuwang agama Islam, sarta njèlèhaké kapraboné. mung djumeneng Kjai Ageng Pengging baé.
Kangdjeng Sultan ing Demak pirembugan karo para Wali, arsa animbali Kjai Ageng Pengging, Patih Wreda Wanapala (Wanasalam) kang wis ginentèn putrané kang aran Patih Mangkurat, diutus animbali, Ki Patih Wreda mangkat, tumekané ing Pengging katemul karo Kjai Ageng Pengging, Kjai Ageng matur semaja sadjroning telung taun, Ki Patih Wreda Wanasalam, bali, wis matur ing Sang Nata.
Titi masané Kjai Ageng Pengging wis tumeka telung taun anggoné sanggem séba marang ing Demak.
Sang Nata angutus Sunan Kudus animbali marang Kjai Ageng Pengging, satumekaning Pengging, Kjai Ageng puguh, bandjur kakisas marang Sunan Kudus, Kjai Ageng Pengging wis tumeka
ing séda.
30