Tuwa anom kang 'anasir bumi, pan lakuné kedah ngawruhana, jèn tuwa endi anomé, lamun anom puniku, endi nggoné tuwané iki, kang 'anasir pawaka, kuwat-apesipun, jèn kuwat endi apesnja, lamun apes kuwaté ana ing ngendi, adja ora uninga.
Miwah mangké kang 'anasir angin, pan lampahé ana lawan ora, jèn ana endi anané, lamun ora puniku, endi nggoné orané iki, ingkang 'anasir toja, pedjah-gesangipun, jèn urip endi patinja, lamun mati uripé ana ing ngendi, sasar jèn tan weruha.
Kawruhana sadjatiné urip, dadi amudji pinudji dawak, ngarani dèwèké déwé, endi jèn sira wus wruh, kang amudji lan kang pinudji, adja ta kasanépan, margané pan agung, pan sami alus sadaja, dipun njata ing uripira sadjati, sa-rèhira nèng dunja.
Dipun weruh ing urip sajekti, lir kurungan énggané sarira, dèn uninga ing peksiné, rusak jèn sira tan wruh, sira Wudjil tingkah puniki, sasar jèn tan mangkana, jèn sira tan weruh, betjikana raganira, awismaa ing enggon ingkang asepi, sampun katjakrabawa.
Lamun sira ajun weruh Gusti, sarirané penet winangwanga, ija iku leliruné, nanging sampun kaliru, sariranta kawula pesti, nanging kembar lan Suksma, adjumbuh dinulu, ing tohid nggènira njata, ija Wudjil lir bata kalawan siti, kumandang lan suwara.
Apan ana tri sata sawidji, ija Wudjil agalang-gulungan, pan iku apa sedjané, gumluntung gumalundung, mengko iki wus dadi pitik, samekta lan busana, lah Wudjil dèn weruh, adja sira sumam- brana, sira Wudjil kawruhana dèn sajekti, ing kono nggoning njata.
Lijeping tyas akanduhan kingkin, tingalé dasih dadya sjuh sirna, temah luluh reragané, apan dadya anglimput, ing undaké tan ana kèsti, liwung tan ana tingal, kadya duk ing dangu, iku kang antuk nugraha, ing Hjang Suksma tetepanen iku Wudjil, lampah ingkang sampurna.
Adja adoh sira angulati, adja kaja ing wong mènèk wreksa, dèn sidep ing luhur wohé, mangkana ing Hjang Agung, dipun njana ana ing langit, dèn njana ing gegana, semuné wong tan wruh, mangéran anjar-ing 'alam, tanpa guru anggugu udjaring tulis, lumuh jèn tetakona.
Mapan rusak kadjatèné Wudjil, dadiné mangké lan karsanira, kang tan rusak dèn wruh mangké, sampurnané pandulu, kang tan rusak anané iki, minangka tuduh ing Hjang, kang wruh ija iku, mangka sembah-pudjinira, mapan awis kawruhana ta puniki, datan
sah sih nugraha.
6