Kaca:Punapa Panjenengan Dipunslametaken.pdf/5

Kaca iki wis dikorèksi

Punapa wekdalipun taksih kathah anggenipun panjenengan nglampahi gesang?

Pejah punika duginipun ujug-ujung ugi mboten dipunkinten-kinten. Punapa panjenengan mangertos menawi ruh ugi nyowo panjenengan punika langgeng ugi gesang saklami-laminipun saksampunipun raga panjenengan nglampahi pejah?

Panjenengan Kedah Siyap Dumateng Gesang Saklajengipun!
Wekdalipun Sampun Ajeng Telas!

Gusti Allah ingkang nyiptakaken panjenengan punika tresna kaliyan panjenengan ugi gadhahi kekajengan supados panjenengan dherek Gusti!

Gusti Allah gadhah kekajengan supados panjenengan punika luwar saking kalepatan kala wingi, kamigilan panjenengan sakpunika, ugi pejahipun panjenengan benjang-enjang. Gusti Allah asung Putranipun piyambak kagem NYLAMETAKEN panjenengan. Punika janji ageng saking Yohanes 3:16: “Awit saka gedhéning sih-katresnané Gusti Allah marang jagad, nganti Panjenengané ngurbanaké Putrané ontang-anting, supaya saben wong sing precaya marang Sang Putra mau ora nemu karusakan, nanging ngalamana urip langgeng.”