Kaca:Punapa Panjenengan Dipunslametaken.pdf/7

Kaca iki wis dikorèksi

Panjenengan Kedah Siyap!

Kitab Suci sampun paring pengetan dumateng kita sedaya tumrap Dinten Kiamat. Gusti Allah ingkang Suci mboten remen kaliyan dosa lan Dinten Kiamat sampun celak, lan tiyang ingkang gesang tanpa pangluwaran mboten gadhah pilihan sanesipun kejawi kedah nglampahi paukuman wonten ing geni neraka.

Pilihan panjenengan sakpunika nemtokaken gesang panjenengan ugi ing tlatah pundi panjenengan badhe nglampahi kalanggengan. Gusti Allah ngendika: "Kaya déné manungsa enggoné pinesthi mati sepisan, lan sawisé kuwi nuli diadili déning Gusti Allah." (Ibrani 9:27).

Gesang Kita punika Namung Sekedap!

Kalanggengan punika Saklami-laminipun!

Punapa Panjenengan Sampun Siyap?

Miturut Kitab Suci, panjenengan punika saged nemtok'aken wonten ing tlatah pundi panjenengan badhe nglampah kalanggengan. Gusti Allah sampun paring wangsulan bab gesang lan pejah, swarga lan neraka. Paringan ingkang luwih sanget saking Gusti Allah inggih punika pangluwaran saking dosa ugi gesang langgeng wonten ing swarga.