Kaca:Punapa Panjenengan Dipunslametaken.pdf/8

Kaca iki wis dikorèksi

Wadi Pangluwaran Saking Dosa Ugi Kawilujengan!

Menawi panjenengan gadhah pangarep-arep supados slamet ugi nglampahi kalanggengan wonten ing swarga, panjenengan kedah maos kabenaran ingkang wigati bab tetanggelan Kawilujengan saking Pangandikanipun Gusti Allah, ingkang nuntun kita dateng katentreman lan kaluwaran sarana nglampahi gesang ingkang dipunpangestoni lan kebak.

1. Manungsa punika Aranipun Dosa.

Kitab Suci ngendika "Kabèh wis padha gawé dosa lan adoh karo Gusti Allah; sing dadi etuking keslametané...Siji waé ora ana wong sing bener....Ing donya kéné ora ana wong siji-sijia sing mung gawé becik waé, lan ora tau gawé dosa."

(Rum 3:23,10; Juru Khotbah 7:20).

2. Opah Dosa punika Pejah. Gusti Allah punika

Adil, amargi saking punika Gusti Allah kedah

Paring Paukuman Dateng Dosa.

"Sebab opahé dosa kuwi pati" (Rum 6:23).