Kaca:Puspa Palupi.pdf/30

Kaca iki wis dikorèksi

- 28 -

KALATIDA.
Sinom.
  1. Mangkja daladjating pradja, kawurjan wus sunja ruri, rurah pangrẽhing ukara, karana tanpa palupi, atilar silastuti, sardjana sudjana kẽlu, kalunglun kala tida; tidem tanḏaning dumadi, ardajẽngrat dẽning karoban rubeda.
  2. Ratunẽ ratu utama, patihẽ, patih linuwih, pra najaka tyas rahardja, panekare betjik-betjik, parandẽnẽ tan dadi, palijasing kala bendu, malah sangkin andadra; rubeda kang ngriribeti, bẽda-bẽda ardanẽ wong sanegara.
  3. Katatangi tangisira, sira sang paramẽng kawi, kawileting tyas duhkita, kataman ing reh wirangi, dẽning upaja sandi, sumaruna anarawung, pangimur manuara, mẽt pamrih mẽlik pakolih, temah suka ing karsa tanpa weweka.
  4. Kasok karoban pawarta, babaratan udjar lamis, pinudya dadya pangarsa, wekasan malah kawuri, jẽn pinikir sajekti, munḏak apa anẽng ngajun, anḏeḏer kaluputan, siniraman banju lali, lamun tuwuh dadi kekembanging bẽka.
  5. Udjaring paniti sastra, awewarah asung pẽling, ing djaman keneng musibat, wong ambek djatmika kontit, mengkono jẽn nitẽni, pẽdah apa amituhu, pawarta lalawara, munḏak angreranta ati, angur baja ngiketa tjaritẽng kuna.
  6. Keni kinarja darsana, panglimbang ala lan betjik, sajekti akẽh kẽwala, lalakon kang dadi tamsil, masalahing ngaurip, wahananira tinemu, temahan anarima, mupus, pepesṱẽning takdir, puluh-puluh angkaloni kaẽlokan.
  7. Amenangi djaman ẽdan, ẽwuh aja ing pambudi, milu ẽdan ora tahan, jẽn tan milu anglakoni, boja kaduman melik, kaliren wekasanipun, dilalah karsa Allah, begdja-begdjane kang lali, luwih begdja kang eling lawan waspada.
  8. Samono iku bebasan, padu-padunẽ kapẽngin, enggih mekaten “Man Ḏoplang, bener ingkang angarani, nanging sadjroning batin, sadjatinẽ njamut-njamut, wis tuwa arep apa, muhung mahas ing ngasepi, supajantuk pangaksamaning Hjang Suksma.