Kaca:Puspa Rinonce.pdf/100

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

Kaya wis kasumurupan manawa tembung kang kalebu éwoning tembung ngoko kuwi lumrahé dianggep mengku rasa lugu utawa lumrah, tembung krama dianggep mengku rasa urmat, lan tembung krama inggil dianggep mengku rasa urmat banget. Tembung-tembung ngoko kuwi kalumrah dianggo ing guneman utawa caturan marang sapadha-padha kang wis kulina banget, marang wong kang kaprenah enom (marang anak putu, murid, sadulur enom, lan sapituruté), utawa dianggo yèn ngunandika. Tembung-tembung krama kang lumrahé dianggo ing guneman kanthi ancas ngajèni utawa ngurmati marang wong kang diajak guneman, kayata, gunemané wong enom marang wong tuwa, murid marang guruné, padha-padha kanca kang durung pati kulina, lan sapituruté. Déné tembung-tembung krama inggil lumarahé dianggo ing guneman kang ngajèni banget utawa ngurmati banget marang wong kang diajak guneman utawa wong kang digunem.

Ing dhuwur wis disebut yèn tembung maringi lan nyaosi kuwi kalebu éwoning tembung krama inggil. Sanadyan mangkono, panganggoné tembung loro kuwi ora padha. Tembung maringi lumrahé dianggo ngajèni utawa ngurmati banget kanthi nginggilaké wong kang diajak guneman (wong II utawa madyama purusa) utawa wong kang digunem (wong III utawa pratama purusa), tembung nyaosi dianggo ngajèni utawa ngurmati banget marang wong kang diajak guneman (wong II utawa madyama purusa) utawa wong kang digunem (wong III utawa pratama purusa) kanthi ngasoraké utawa ngandhapaké awaké dhéwé wong kang ngajak guneman mau (wong I utawa utama purusa). Kanthi mangkono, tembung maringi banjur diarani tembung krama inggil, déné nyaosi diarani tembung krama andhap. Conto panganggoné tembung maringi lan nyaosi iku, mangkéné.

  1. Panganggoné tembung krama inggil maringi
    1. Wong kang guneman (wong I utawa utama purusa) ngluhuraké wong kang diajak guneman (wong II utawa madyama purusa).

89