Kaca:Puspa Rinonce.pdf/107

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

Bokmanawa bocah nom-noman kang dicritakaké mau ngira yèn tembung tangan iku kalebu tembung ngoko lan darbé panyana yèn tembung asta kuwi minangka tembung kramané tangan, satemah tembung asta banjur dianggo tumrap awaké dhéwé (wong kang guneman, wong I, utawa utama purusa). Dadi, bocah nom-noman kasebut pancèn ora nglegéwa yèn panganggoné tembung asta (krama inggil) mau nyebal saka paugeraning tata krama.

Bèbèran cekak iki bisa digawé dudutan, mangkéné.

  1. Tembung krama ngoko iku golonganing tembung ngoko kang wis bisa dianggo ing guneman tataran krama tanpa ngowahi utawa nyalini wujudé tembung kasebut.
  2. Tembung krama ngoko ora ana tembung kramané, mung waé kala-kala ana tembungé krama inggil.
  3. Tembung krama ngoko ora perlu dikramakaké. Yèn dikramakaké, tembung kramané kalebu tembung krama enggon-enggonan (dhialèk).
  4. Tembung krama inggil, kalebu tembung-tembung krama inggilé tembung krama ngoko, mung kelumrah dianggo ngajèni (nginggilaké, ngluhuraké) liyan kang pantes diurmati (wong II utawa wong III). Tembung krama inggil yèn dianggo tumrap awaké dhéwé (wong kang guneman, utama purusa, utawa wong I) kena diarani nyebal saka pranatan, satemah wong kang nganggo tembung mau dianggep degsura (kajaba panjenengané ratu).

Tembung-tembung kang kalebu éwoning tembung krama ngoko kuwi akèh cacahé, sapérangan ana tembungé krama inggil lan sapérangan gedhé ora ana. Ing ngisor iki conto sawatara tembung krama ngoko kang ana krama inggilé.

Krama Ngoko: Krama Inggil:
adhi rayi
adus siram
balung tosan
bangkèkan madya; pamekak
cangkem tutuk

96