Kaca:Puspa Rinonce.pdf/109

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

panganggoné basa krama kang ora pener kuwi kanthi cara ngganti tembung-tembung kaya ing ngisor iki:

tembung saré ing ukara (1) diganti tembung tilem;
tembung dhahar ing ukara (2) diganti tembung nedha;
tembung siram ing ukara (3) diganti tembung adus;
tembung ameng-ameng ing ukara (4) diganti tembung mlampah-mlampah;
tembung maringaken ing ukara (5) diganti tembung ngaturaken;
tembung kondur ing ukara (6) diganti tembung mantuk utawa wangsul; lan
tembung dalem ing ukara (1), (3), lan (6) diganti tembung kula.

Muga-muga rembug sapala iki ana gunané tumrap para maos.


KANYATA – KABUKTI
Tembung kanyata lan kabukti kaya kang kacetha ing dhuwur mau kerep tinemu ing basa Jawa saiki. Tembung-tembung mau asring tinemu ing kalawarta Jaka Lodhang lan Mekar Sari utawa rinungu saka pawarta basa Jawa Yogya Warta ing Televisi Ngayogyakarta. Tuladha panganggoné tembung-tembung mau kang kapethik saka kala warta Mekarsari kaya kacetha ing ngisor iki.

  1. 1) Kabukti sasuwené iki wis ora tau metu pari varietas anyar (MS 16: 13-6- 1997:4).
  2. 2) Trap-trapané JBM ing Trimurti, sing éntuk dukungan masyarakat, utamané kalangan pendidik, kanyata éntuk pangalembana saka Pemerintah Prop.DIY (MS 15:6-6- 1997:21).

Ukara-ukara ing dhuwur mau apa ya ukara kang njawani tenan? Manut pandugaku, ukara mau dudu ukara Jawa, nanging ukara basa Indonesia kang tembung-tembungé nganggo tembung Jawa. Liré, ukara-ukara ing dhuwur mau, polané ukara

98