Kaca:Puspa Rinonce.pdf/110

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

basa Indonesia, nanging tembung-tembungé Jawa. Mula, dadiné, tumrap priyayi sepuh utawa priyayi kang pana marang basa Jawa, ukara mau isih krasa banget yèn iku ukara basa Indonesia. Mungguh ukara basa Indonesiané, manut pandugaku kaya ing ngisor iki.

  1. 1a) Terbukti selama ini sudah tidak pernah keluar padi varietas baru.
  2. 2a) Pelaksanaan JBM di Trimurti, yang mendapat dukungan masyarakat, khususnya kalangan pendidik, ternyata mendapat penghargaan dari Pemerintah Prop.DIY.

Tembung kabukti lan kanyata ing dhuwur mau minangka jarwan saka tembung basa Indonensia terbukti lan ternyata. Mungguh nalar-nalaré kepriyé déné tembung basa Indonesia terbukti lan ternyata dadi tembung kabukti lan kanyata iku?

Ing basa Indonesia, ater-ater ter- utawa awalan ter- ing basa Indonesiané, duwé teges, antara liya, ’ora kanthi kasengaja’. Upamané tembung terbawa, terpukul, terinjak ateges ‘ora sengaja digawa, ora sengaja diantem, ora sengaja dipidak’. Ater-ater ter- ing basa Indonesia mau kang maknané ora kanthi sengaja ing basa Jawa padha karo ater-ater ke- utawa ka- (ka- dudu ater-ater tanggap ing rimbag tanggap ka-kang ateges di -). Mula, terbukti lan ternyata mau dijawakaké dadi kabukti lan kanyata. Kang mangka, tembung Jawa bukti, saliyane ateges ’cihna’, uga ateges ‘pangan’. Mulané, kabukti bisa uga ana kang negesi ‘kapangan’. Mungguh ing tembung Jawa kang tegesé padha karo terbukti lan ternyata, yaiku buktiné lan nyatané. Dadi, ukara mau supaya katon Jawané bisa dibeneraké kaya ing ngisor iki.

  1. 1b. Buktiné, nganti sawetara wektu iki ora metu manèh pari varietas anyar.
  2. 2b. Tumindaké JBM mau ing Trimurti, kang éntuk panyengkuyung déning masyarakat, mliginé kalangan pendhidhik, nyatané éntuk bebungah saka Pamaréntah Prop.DIY.

99