Kaca:Puspa Rinonce.pdf/111

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

MUJUDAKÉ

  1. Wayang wong Sriwedari mujudaké salah sijiné asèt kabudayan Jawa (MS.15: 6-6-1997:36)
  2. Wong 25 mujudaké guru SD ing désa kepencil lan sing ditugasaké ing Sléman wong 1... lan Gunung Kidul 65 (MS 15: 6-6-1997:31).
  3. Wus disumurupi ing akèh manawa tembung asta kuwi mujudaké tembung krama inggil, yaiku krama inggilé tembung tangan.
  4. Ing kéné cetha yèn tembung kinabektèn iku mujudaké tembung rimbagan warisanané basa Jawa Kuna (basa Kawi).

Tembung mujudaké ing ukara dhuwur mau, saliyané tinemu ing kalawarta basa Jawa uga asring kapireng ing Yogya Warta, pawarta basa Jawa kang kagiyaraké lantaran televisi Yogyakarta.

Manut pangrimbagé, tembung mujudaké asal saka tembung lingga wujud olèh ater-ater hanuswarta (h)am lan panambang –aké. Rimbagé diarani rimbag tanduk ké-kriya. Mungguh rimbag tanduk ké-kriya tumrap tembung andhahan mujudaké mono ngemu teges ‘njalari ana wujudé’ utawa ‘ndadèkaké ana wujudé’. Dadi, upama tembung mujudaké ing ukara mau ditegesi kaya mangkono, dadiné ukara kaya ing ngisor iki.

  1. 1a. Wayang wong Sriwedari ndadèkaké/njalari ana wujudé salah sijiné asèt kabudayan Jawa.
  2. 2a. Wong 25 ndadèkaké/njalari ana wujudé guru SD ing désa kepencil lan sing ditugasaké ing Sléman wong 1 ... lan Gunung Kidul 65.

Bareng ditegesi kaya tegesé rimbagé tembung mau, rak cetha banget yèn ukara mau katon ora bener. Lan, ya dudu iku kang dikersakaké kang nulis/nyusun pawarta ing kalawarta utawa ing pawarta mau. Manut pandugaku, apa sing dikersakaké déning kang nulis pawarta mau, sajaké, yèn basa Indonesiané mono kaya ukara ing ngisor iki.

100