Kaca:Puspa Rinonce.pdf/115

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

prototipe (modhèl utawa wujud kang kawitan) jalaran crita mau satemené durung bisa diarani crita cekak temenen, amarga anasiring crita durung digarap kanthi tlesih. Kalawarti Kadjawèn ing taun-taun candhaké ngemot crita kang wujudé cekak ing rubrik “Dongèng Cekak” lan “Carijos Cekak”.

Kang kawitan nganggo jeneng “crita cekak” iku kalawarti Panjebar Semangat (20 Januari 1934) ing crita “Gara-garané Main Kertu” anggitané Srikanah. Wiwit taun 1936 kalawarti mau banjur wis mantep migunakaké jeneng “crita cekak” ing rubriké.

Ing jaman Jepang kalawarti Pandji Poestaka-kalawarti kang kawetokaké déning Balai Pustaka, kang wektu kuwi dadi corong propagandhané pamaréntah Jepang-uga ngemot crita cekak. Crita cekak mau lumrahé nyritakaké semangat perjuwangan ngadhepi Sekutu, upamané, “Tanggap lan Tandang ing Garis Wingking” karangané Poerwadhie Admodiharjo lan “Njuwun Pamit Kjai” karangané Soebagijo Ilham Notodidjojo.

Cerita cekak urip ngrembaka sawisé kamardikan, bebarengan karo ngrembakané kalawarti basa Jawa, kaya ta, Penjebar Semangat, Djaja Baya, Tjrita Cekak, Kekasihku, Tjendrawasih, Waspada, lan Praba, kang ngemot crita cekak mau. Kejaba kuwi, para prangripta mudha ing wektu semana uga akèh kang ngripta crita cekak. Kanthi mangkono, ngrembakané crita cekak iku disengkuyung déning “penerbit”, prangripta, lan masyarakat (wong kang maca crita cekak mau).

Ing tahun 1950-an prangripta crita cekak iku cacahé puluhan. Prangripta crita cekak kayata, Subagijo Ilham Notodidjojo, Poerwadhie Atmodhihardjo, Soedharma K.D., R. Noegroho, Satim Kadarjono, Soemarno, Liamsi (Ismail), Hasdi Kaswadhi, lan St. Iesmaniasita.

Ing taun1960-an pangripta crita cekak saya tambah akèh. Kajaba pagripta kang wis kasebut mau, ana manèh pagripta, kayata, Rakhmadi K., Tamsir A.S., Esmiet, Susilamurti, Anie Soemarno, Trim Sutedjo, Muryalelana, Lesmanadewa Purbakusuma, Hardjana Hp., Maryunani Purbaya, Is Jon, Herdian

104