Kaca:Puspa Rinonce.pdf/116

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

Suarjono, Widi Widayat, lan Suparto Brata. Déné ing taun 1970-an pangripta anyar kang uga mèlu nggrengsengaké mekaring crita cekak, ing antarané, A. Y. Suharyono, Kuswahyo SS Raharjo, Djaimin K., Ragil Suwarno Pragolapati, Khrisna Mihardja, Husen Kertanegara, Suwardi Endraswara, Kenya Giriseta (Rita Nuryanti).

Crita cekak asiling para pangripta mau ana kang wis mlebu ing jagating suréalis (njaban kanyatan). Khrisna Mihardja, upamané, pangripta crita cekak kang onjo ing babagan karya suréalis, asil karyané wis ana kang dijarwakaké ing basa Indonesia lan kapacak ing Kompas lan Horison. Bab iki ora ateges yen asiling cipta ripta kang asipat suréalis iku luwih moncèr tinimbang wohing cipta ripta kang asipat réalis (crita bab kang nyata/kanyatan). Kang cetha, wohing cipta ripta kang asipat réalis lan suréalis iku kabèh becik lan bisa muwuhi kasugihaning kasusastran Jawa. Muga-muga crita cekak antuk papan kang becik ing jagating kasusastran Jawa, tetep disenengi déning masyarakat, lan tetep ngrembaka ing tembé mburiné.


GEGURITAN
Tembung geguritan utawa guritan iku asalé saka tembung lingga gurit. Tembung gurit mengku teges ‘tulisan tatahan‘, ‘kidung‘, utawa ‘tembung‘. Kanthi mangkono, geguritan (guritan) bisa ditegesi ‘tulisan (karangan) kang awujud tembang‘. Kapirid saka wujud lan isiné, geguritan iku bisa kapérang dadi loro, yaiku geguritan gagrag anyar utawa geguritan modhèrn lan geguritan gagrag lawas.

Geguritan gagrag lawas (geguritan tradhisional) iku darbé paugeran mangkéné.

  1. (1) Cacahing gatra saben sapada ora ajeg, nanging sathithik-sathithiké ana patang gatra (patang larik).
  2. (2) Cacahing wanda saben gatrané ajeg, yaiku ana wolung wanda.

105