Kaca:Puspa Rinonce.pdf/119

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

anyar iku isih kaprabawan déning céngkok sonéta kang lagi kondhang ing wektu kuwi.

Déné geguritan gagrag anyar utawa modhèrn wujudé béda banget karo geguritan gagrag lawas, ora kaiket déning paugeran apa waé, klebu paugeraning sonéta. Geguritan gagrag anyar kang wis mardika iku wiwit ngrembaka ing taun 1950-an lan kapacak ing kalawarti-kalawarti basa Jawa. Contoné geguritan modhèrn mangkéné.

JAKARTA
Susilomurti

Nembé waé dakungkuraké layang pamitan
Paman aku klilan ninggal pabaratan
Nuju menyang gubug-gubug dhuwur
Kelonan gunung lan lungur
Lan esemé tanah-tanah ngaré
….

(Jaya Baya, nomer 36, 3 Mei 1964)



SUPARTO BRATA: PANGARANG JAWA KANG MANDHIRI

Sastra Jawa nalika ngancik ing taun 1950-an saya regeng amarga akèh pangarang anyar. Salah sijiné pangarang anyar iku Suparto Brata. Pangarang iki lair 16 Oktober 1932, ing Surabaya. Dhèwèké wiwit ngarang taun 1952. Karangané awujud crita cekak, novèl utawa crita sambung, sandiwara, lan ésai. Kajaba ngarang nganggo basa Jawa, panjenengané uga ngarang nganggo basa Indonesia. Wiwit taun 1952 karanganing abasa Indonesia wis dipacak ing kalawarti Kisah, Gelanggang (Siasat), Mimbar Indonesia, Genta (Majalah Merdeka), Aneka, Hidangan, Gelora Tanah Air. Karangané sing abasa Jawa kawiwitan 1958 lan kapacak ing Jaya Baya, Penyebar Semangat, Mekar Sari, Djaka Lodhang, lsp. Pangarang iki asring antuk juwara, kayata (1) Juwara Panglipur ing Sayembara Kumpulan Naskah-Naskah Sandiwara PP dan K

108