Kaca:Puspa Rinonce.pdf/120

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

Ngayogyakarta (1958), (2) Juwara I Sayembara Crita Sambung ing Kalawarti Penyebar Semangat (1959), (3) Hadiah I Kesusastraan ing babagan prosa saka Kota Praja Surabaya (1960), (4) Juwara I Sayembara Crita Cekak saka Kalawarti Jaya Baya (1964), (5) Juwara III Sayembara Crita Cekak sing diadani majalah basa Jawa Ilmiah Populer sing diadani déning Departemen Pendidikan dan Kebudayaan (1983).

Suparto Brata kawentar saka tulisan-tulisané sing awujud crita dhétèktif, kayata Kadurakan ing Kidul Dringu, Lara Lapané Kaum Republik, Kaduk Wani, Kena Pulut, Emprit Abuntut Bedhug. Karangané Suparto Brata nduwèni ciri sing mirunggan. Titikan mau, upamané, tokoh-tokohé mesthi wong sèkèng saka pérangan fisik (awaké cilik, ora gagah) nanging onjo yèn ngrampungaké prakara. Pangarang siji iki manawa gawé crita dhétèktif muyeg lan pinter gawé suspense. Tundhoné, karya-karya anggitané akèh sing dialem apik lan para maos seneng karo crita-critané. Titikan sing mangkono mau tekan saiki tansah dipepetri. Mula, pangarang Suparto Brata bisa dadi gambaré pangarang sastra Jawa gagrag anyar sing pantes tinulad. Nalika taun 1960-an akèh pangarang Jawa sing padha nulis crita panglipur wuyung, nanging Suparto Brata ora mèlu-mèlu.

Crita-crita karangané Suparto Brata banget njawani. Upamané, novèl Kadurakan ing Kidul Dringu lan Lara Lapané Kaum Republik. Tegesé njawani yaiku karya-karyané bisa nggambaraké swasana kaluwarga sarta adat Jawa. Ing novèl loro mau Suparto Brata ngangkat konsèp namur kula. Namur kula ing kéné wong pinter (priyayi luhur) sing ora kepéngin ngétokaké pribadiné minangka wong pinter. Tokohé membaur karo wong-wong cilik lan tumindak salumrahé wong cilik. Sanajan tokohé kaya wong lumrah, nanging saka tandang lan pikirané bisa mènèhi crita marang wong pinunjul. Konsep namur kula lumrahé tinemu ing kabudayan Jawa klasik nalika jaman kraton-kraton Jawa isih mandeg lan mandhiri. Akèh para priyagung Jawa utawa ratu Jawa sing namur kula amarga kepéngin ndarmabektèkaké kawruhé marang sapadha-padha.

109