Kaca:Puspa Rinonce.pdf/131

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

pucuking eri, katonè wis mbalung sungsum tumrapé wong Jawa. Éwa semono, ora sadhéngah wong bisa milah endi unèn-unèn kang diarani paribasan, bebasan, lan saloka kuwi. Ana wong kang duwé panemu yèn kang diarani saloka iku ora ana bédané karo paribasan, lan sapituruté. Mula ora mokal yèn ana wong kang ngarani unèn-unèn kang kasebut ing dhuwur iku kabèh kalebu paribasan. Ing mangka, unèn-unèn kang kasebut ing (a) iku kalebu saloka, unén-unén (b) iku paribasan, lan unèn-unèn (c) kalebu bebasan. Katerangané, mangkéné.

(1) Paribasan
Paribasan iku unèn-unèn kang ajeg panganggoné, ora mengku surasa pepindhan, lan tetembungané (kabèh utawa sapérangan) mawa teges éntar. Jalaran ajeg panganggoné, ukara paribasan iku ora kena diowahi tatanané, ora kena disalini tetembungé, lan uga ora kena dikramakaké.

Jumbuh karo paugeran iki, unèn-unèn kang kasebut ing (b), yaiku anak molah bapa kepradhah, kalebu éwoning paribasan. Unèn-unèn iki ajeg panganggoné, lan ora bisa dikramakaké upamané, dadi anaké molah bapaké bakal kepradhah; bapa bakal kepradhah yèn anaké molah; putra molah bapa kepradhah.

Unèn-unèn anak molah bapa kepradhah mengku surasa ‘menawa anak tumindak ora prayoga, bapa utawa wong tuwané mesthi kesempyok tumindaké mau (mèlu ngrasakaké)’. Ing kéné cetha yèn unèn-unèn iki mengku surasa saluguné, ora mengku surasa pepindhan, jalaran apa kang kasebut ing unèn-unèn iki padha utawa jumbuh karo surasané, yaiku ngandharaké bab sesambungané anak karo bapa (wong tuwané).

Tetembungan kang dianggo ing unèn-unèn iki sapérangan mengku teges éntar, yaiku teges silihan utawa teges kang ora saluguné. Tembung molah tegesé kang lugu ‘obah, polah’. Tembung pradhah tegesé kang lugu ‘dhadhag (saguh nampa samubarang pagawéan, loma, gelem nyenyuguh)”. Ing unèn-unèn iki pradhah mengku teges ‘ngrasakaké (kasempyok) tumindaké anak kang ora prayoga’.

120