Kaca:Puspa Rinonce.pdf/135

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

  1. Parikan kang adhapur (4 wanda + 8 wanda) x 2:
    1. Kembang mawar, ditandur tengahing latar
      Ati bingar, lamun mentas nampa bayar
    2. Kembang puyang, pantesé wadhahi rantang
      Awak mriyang, tanggal tuwa tagih utang
    3. Kembang mlathi, dironcé gandané wangi
      Ngaku suci, jebulé jago korupsi
    Parikan (a) nganggo purwakanthi ar – ar, ar – ar; (b) nganggo purwakanthi yang – tang, yang – tang; (c) nganggo purwakanthi i – i. i – i. Parikan-parikan iki uga dumadi saka rong pérangan. Pérangan sapisan, yaiku larikan dhuwur, diarani purwaka utawa bebuka; pérangan kapindho, yaiku larikan kang ngisor, diarani wos, nges, utawa isiné parikan. parikan (a) nganggo purwakanthi tu – né, tu – né lan parikan (b) nganggo purwakanthi ang – ra, ang – ra.

Kajaba parikan-parikan kaya mangkono mau, ana uga parikan kang dhapukané rada nyebal saka paugeran, yaiku cacahing wandané ora ajeg papat utawa wolu. Contoné, mangkéné.

    1. Tembok, ting calonéh (2 wanda + 4 wanda)
      Muni kapok, bali manéh (4 wanda + 4 wanda)
    2. Numpak sepur mudhun Tugu (8 wanda)
      Ilang sepuré kari tuguné (10 wanda)
      Nganggo pupur kétok ayu (8 wanda)
      Ilang pupuré kétok panuné (10 wanda)
    3. Lurik-lurik ulané sawa (9 wanda)
      Ndhasé cilik buntuté dawa (9 wanda)
      Yèn nglirik sing duga prayoga (9 wanda)
      Sing dilirik rak wis rumangsa (9 wanda)

Sanajan ora ajeg wilanganing wandané, parikan-parikan ing dhuwur isih ngugemi paugeran (1) dumadi saka rong pérangan, yaiku purwaka lan wos utawa isi, (2) saben pérangan dumadi saka rong gatra, lan (3) migunakaké purwakanthi (purwakanthi guru swara). Kanthi mangkono, unèn-unèn kang disebut parikan iku mesthi nduwèni titikan warna telu mau.

124