Kaca:Puspa Rinonce.pdf/138

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

Sakaratul Maot, Suluk Tabarit, Suluk Samud Ibnu Salam, Suluk Sandhi Pasthitha, Suluk Sangkan Paran, Suluk Sèh Abdul Salam, Suluk Sèh Madkur, Suluk Sèh Malaya, Suluk Sèh Maulana, Suluk Sélabranti, Suluk Séwaka, Suluk Sidabrangti, Suluk Sidalamong, Suluk Sirulustad, Suluk Sopanalaya, Suluk Sudarsa, Suluk Sujinah, Suluk Sukarsa, Suluk Sukma Lelana, Suluk Suryalayu, Suluk Surlalengkara, Suluk Suryapralaya, Suluk Tambangraras, Suluk Tékawedi, Suluk Topèng, Suluk Togog, Suluk Tuhu Linglung, Suluk Walèh, Suluk Walisanga, Suluk Wayang, Suluk Wejang, Suluk Wregul, Suluk Waringin Sungsang, Suluk Wujil, lan Suluk Wirid Hidayatjati.


KAWINDRA
Ing madyaning sastra Jawa Kuna ana tembung kawindra. Kawindra, yaiku sawijining kawi ‘juru gurit’ sing kaloka utawa gambèn. Kanthi gelar sing kaya mangkono mau, kawindra oleh kalungguhan minangka ‘pangéran’ ing antaraning para juru gurit kakawin. Sawijing kawi bisa nampa gelar kawindra amarga saka peparingé ratu. Sawusé sawijining kawi oleh gelar kawindra, kawi banjur dadi juru gurit kraton.

Kawi sing wis olèh gelar kawindra uga nuduhaké menawa kawi kasebut satemené sawijining juru gurit sing duwè kapinteran lan kabisan kang linuwih. Amrih bisa olèh gelar kawindra, sawijining kawi kudu sregep nulis lan tansah ngundhakaké kaluwihané ing babagan nulis kakawin sing tundhoné bisa ngungkuli para kawi liyané. Sanajan wis diparingi gelar kawindra, sawijining kawi kudu tansah ngatonaké trapsilaning tindak lan andhap asor. Kawindra ora dikeparengaké sesongaran. Gegambaran iki bisa disimak ing panutuping kakawin. Ing panutup mau, kawindra wajib mblakakaké menawa dhèwèké iku wong bodho lan ora duwé kabisan.

Kalungguhan minangka kawindra sing disandhang déning sawijinig kawi iku satemené kalungguhan sing mirunggan utawa minulya ing madyaning bebrayan agung. Awit saka iku, sapa baé sing dicandra utawa ditulis déning kawindra ing kakawin

127