Kaca:Puspa Rinonce.pdf/15

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

WENING DIWARAHI NJOGÈD KARO AGUNG
Tembung karo iku bisa mengku teges warna–warna, gumantung kapriyé ukarané. Tembung karo ing ukara ‘Agung karo Wening ditimbali Pak Guru’ mengku teges `lan, lan uga`. Tembung karo ing ukara ‘Wening nuli wiwit nembang karo njogèd ing ngarsané para tamu’ mengku teges `bebarengan anggoné nindakaké`.

Panganggoné tembung karo ing ukara–ukara kang kanggo conto iku wis laras karo tegesé. Ananging panganggoné tembung karo ing ukara ‘Wening diwarahi njogèd karo Agung’ durung pas tenan. Jalaran, tembung karo ing ukara iku bisa mengku teges rangkep. Sepisan, tembung karo ing kono bisa ditegesi, `bebarengan, lan uga` lan ukarané bisa ditegesi `Wening njogèd bebarengan lan Agung` (kang marahi njogèd wong liya). Kaping pindhoné, tembung karo ing ukara iku bisa ditegesi `déning` temah ukara mau nduwèni teges `Wening diwarahi njogèd déning Agung`.

Katrangan iku suka pepéling yèn panganggoné tembung karo ing ukara ‘Wening diwarahi njogèd karo Agung’ iku bisa nuwuhaké salah tampa utawa klèru anggoné negesi. Amrih ora makéwuhi, ukara iku bisa diowahi manut apa kang dikarepaké, upamané, mangkéné.

  1. (1) Wening diwarahi njogèd déning Agung.
    utawa
  2. (2) Wening lan Agung diwarahi njogèd
  3. (3) Wening karo Agung diwarahi njogèd.

Kejaba tembung karo mengku teges kaya kang wis dibèbèraké mau, isih ana tembung karo kang mengku teges ‘nganggo piranti‘ utawa ‘srana‘ iki, upamané, Abu dithuthuk karo garisan. Sanajan ora luput, panganggoné tembung karo kaya ing ukara iki asipat nggon–nggonan. Amrih bisa ditampa ing akèh, ukara iki beciké diowahi kanthi nglironi utawa ngganti tembung karo, upamané mangkéné.

Abu dithuthuk nganggo garisan.

4