Kaca:Puspa Rinonce.pdf/19

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

ana wiwit ing basa Jawa Kuna), bab iki malah bisa ndadèkaké basa Jawa saya luwih cancingan, ora kaku. Upamané, supaya ora njuwarèhi, tembung prastawa lan tembung kedadéan banjur bisa dianggo bebarengan kanthi pilah. Contoné:

Ing prastawa mau ana kedadéan kang ora tinemu ing nalar.

Upama emoh nganggo tembung prastawa, ukara iki rak banjur dadi:

Ing kedadéan mau ana kedadéan kang ora tinemu ing nalar. (njuwarèhi)
utawa
Ing kedadéan mau ana kaanan kang ora tinemu ing nalar. (wis beda surasané)


SUPADOS TEWAH SAÉ, TANEMAN PUPAPA KÉMAWON KEDAH DIPUNRABET
Tembung tewah ing ukara iki kanggo ngramakaké tembung tuwuh lan dipunrabet kanggo ngramakaké tembung dirabuk. Ngramakaké tembung kanthi cara kaya ngéné iki, yaiku tuwuh dadi tewah lan rabuk dadi rabet, pancèn ana pola lan conto liyané. Ngramakaké tembung kanthi cara kaya ngéné iki, yaiku tuwuh dadi tewah lan rabuk dadi rabet, pancèn ana pola lan conto liyané. Ngramakaké tembung tuwuh dadi tewah kanthi pola “tembung rong wanda kang mengku u-u dadi e (pepet) –a” kaya ing tembung tuduh -> tedah, dhukuh -> dhekah, wutuh -> wetah, butuh -> betah, buruh -> berah. Déné tembung rabuk dadi rabet kanthi pola “wanda pungkasan bu, buh, utawa bung dadi bet” , kaya ing tembung ambu -> ambet, jambu -> jambet, imbuh -> imbet, sambung -> sambet.

Sanajan ana pola lan conto-contoné, satenané ora sadhéngah tembung kuwi kena dikramakaké kanthi pola-pola mau. Tembung juruh, luluh, dan susuh, upamané, ora dikramakaké dadi jerah, lelah, dan sesah. Lan manèh, upamané, tembung bumbu, subuh, lumbung, ora kena dikramakaké dadi bumbet, subet, lumbet. Jalaran, tembung-tembung iku mau klebu éwoning tembung krama

8