Kaca:Puspa Rinonce.pdf/20

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

ngoko, yaiku tembung ngoko kang wis kena dianggo tembung krama tanpa ngowahi utawa nyalini wujudé. Tembung krama ngoko kuwi yèn dikramakaké malah ora lumrah lan sok dadi basa dhagelan, cengèngèsan, utawa sembranan.

Tembung tuwuh lan rabuk iku uga klebu éwaning tembung krama ngoko. Dadi, tembung mau ora perlu dikramaké, ora perlu diowahi utawa disalani wujudé. Beneré, ukara ing dhuwur mau cukup mangkéné.

Supados tuwuh saé, taneman punapa kémawon perlu dipunrabuk.


PANAMBANG –AKÉ
Panambang –aké yèn karaketaké ing tembung kriya, tembung kriya mau bisa awujud tembung lingga utawa tembung andhahan. Tembung kriya kang awujud tembung lingga (tembung kriya lingga) kang kawuwuhan panambang –aké asring tinemu ing ukara pakon utawa ukara (h)agnya. Panambang –aké kang karaketaké ing tembung kriya lingga mau wujudé sok dadi –ké.
Contoné, mangkéné:

Yu, jupukké banyu saèmbèr!
Sri, sésuk aku tukokké jeruk sekilo, salaké rong kilo, ya!
Tulung wacakké layang iki, Man!

Ukara-ukara kaya mangkéné iki lumrahé mung kanggo ing basa padinan utawa basa pocapan. Ing basa Jawa kang baku, yaiku basa Jawa kang tinata adhedhasar paramasastra kang wis diakoni beneré ing akèh, tembung kriya ing ukara pakon kaya mangkono mau mesthiné (beneré) nganggo panambang –na. Ing basa kang baku, ukara-ukara mau mesthiné mangkéné.

Yu, jupukna banyu saèmbèr!
Sri, sésuk aku tukokna jeruk sekilo, salaké rong kilo, ya!
Tulung wacakna layang iki, Man!

Panambang –aké iku lumrahé panganggoné mèh padha karo panambang –kan ing basa Indonesia. Upamané, mangkéné.

9