Kaca:Puspa Rinonce.pdf/28

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

DIPUN SUWUN APA DIPUNSUWUN
Tembung-tembung Jawa kang isih wungkul, kang durung olèh wuwuhan apa-apa, sing akèh, adhapur ngrong wanda (sanajan ana uga mung sawanda utawa luwih saka rong wanda). Manut pranatan, anasiring basa kang diarani tembung iku yèn ditulis nganggo aksara Latin kudu dipisah-pisah antarané siji lan sijiné, ora digandhèng kaya yèn ditulis nganggo aksara Jawa. Amarga dipun kuwi adhapur rong wanda lan suwun uga rong wanda, mula banjur ana wong kang nulis dipun dipisah karo suwun, dadi dipun suwun, kanthi penganggep yèn anasiring basa kuwi adhapur rong tembung. Ananging, ana uga wong kang nulis dipun digandhèng utawa diraketaké karo suwun, dadi dipunsuwun, kanthi panganggep yèn anasiring basa iki mung adhapur satembung. Banjur endi sing bener?

Satemené titikané tembung iku ora dumunung ana ing cacahé wandané. Ana tembung kang mung adhapur sawanda, upamané, dom, bom, suh, lan, ta, ya, sing, wah, ananging ana anasiring basa kang wis dhapur rong wanda durung bisa diarani tembung, kayata, -ipun, -ana, -aké, dom, bom, suh, lan sapituruté iku diarani tembung jalaran wis awujud rimbagan utawa pasatuaning basa kang cilik dhéwé kang wis diucapaké minangka anasir sing bébas, mardika, ora kaiket déning anasir liyané. Sanajan wis adhapur ngrong wanda, -ipun, -ana, -aké durung bisa diarani sawijining tembung jalaran durung bisa diucapaké minangka anasir sing bébas. Panganggoné anasir-anasir iki mesthi diwuwuhaké marang anasir dhasar utawa linggané lan banjur diarani anasir wuwuhan, upamané ing tembung bukunipun, seratipun, jupukana, cedhakana, nulisaké, nemokaké. Anasir kang diwuwuhaké ing saburiné anasir dhasar utawa linggané kaya mangkono iku diarani panambang.

Kajaba panambang, ana anasir wuwuhan kang diarani ater-ater, yaiku anasir wuwuhan kang mapané dumunung ing sangarepé anasir dhasar utawa lingga. Lumrahé, ater-ater ing basa Jawa iku mung adhapur nyawanda (sawanda), kayata, dak-, kok-,

17