Kaca:Puspa Rinonce.pdf/29

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

di-, ka-, pa-, sa-, pra-, a-, pi-, nanging ana uga kang adhapur ngrong wanda, kayata, dipun-, kapi-, kami-, kuma-. Déné dipun- kang kalebu éwoning ater-ater ing basa Jawa iku mung adhapur nyawanda (sawanda), kayata, dak-, kok-, di-, ka-, pa-, sa-, pra-, a-, pi-, nanging ana uga kang adhapur tembung krama kriya tanggap pratama purusa (verba pasif persona ketiga). Manut paugeran, panulising ater-ater iku kudu digandhèng, disambung, utawa diraketaké karo anasir dhasar utawa linggané. Kanthi mangkono, panulisé ater-ater dipun- kuwi sing bener kudu diraketaké karo suwun, dadi dipunsuwun (béda karo panulisé kula suwun ing Puspa Rinoncé, 04/II/1999). Conto panulisé tembung kang mawa ater-ater dipuntumrap ing ukara, mangkéné.

  1. (1) Bu, buku kula dipunsuwun Dhik Sita.
  2. (2) Pak, lampu ingkang dipunanggé sinau Dhik Sita boten saged dipungesangaken.
  3. (3) Anggénipun nyerat dipunanggé punapa dipunpisah, Bu?

Ana panemu yèn panulisé ater-ater dipun- iku diraketaké karo linggané bisa njalari klèru anggoné maca utawa nyurasa karo tembung kang mawa ater-ater di-. Upamané, mangkéné.

dipunji diwaca/disurasa : dipun/ji ‘disinau temenan’
utawa : di/punji ‘dipanggul (tumrap bocal, lsp)’
dipuntir diwaca/disurasa : dipun/tir ‘di cèt nganggo tir’
utawa : di/puntir ‘diuntir’
dipunthuki diwaca/disurasa : dipun/thuk/i ‘dianthuki, diathungi’
utawa : di/punthuk/i ‘digawé pepunthukan’

Satemené wong bisa klèru anggoné maca (nyurasa) tembung-tembung kaya mangkono kuwi mung yèn tembung-tembung mau ditulis pisah saka ukarané. Ananging, yèn tembung-tembung mau ditulis ing sajroné ukara, mesthiné ora ana pakéwuhé. Wong ora bakal klèru anggoné maca utawa nyurasa jalaran tembung kang mawa ater-ater di- kuwi ngoko. Éwa semono, yèn bab iki isih disumelangaké lan mung kanggo nggampangaké anggoné maca (nyurasa), panulisé tembung-tembung mau bisa

18