Kaca:Puspa Rinonce.pdf/31

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

Ukara ing dhuwur mau bisa didandani, upamané, mangkéné.

  1. Ukara iku diwuwuhi tembung utawa tetembungan kang bisa dadi jejering ukara.
    Conto: Masyarakat (wong-wong, bapak-bapak, warga tani) ing désaku ngedegaké lumbung packlik.
  2. Tembung ancer-ancer ing kang dumunung ing sangarepé tembung désaku diilangi supaya tembung désaku bisa dadi jejering ukara (éntar).
    Conto: Désaku ngedegaké lumbung paceklik. (ukara entar)
    Conto liyane:
Ukara Gothang Jejer Ukara Ganep
1. Ing rapat mau ngrembug koprasi 1a. Ing rapat mau bocah-bocah (wong-wong, ibu-ibu) ngrembug koprasi.
1b. Rapat mau ngrembug koprasi.
2. Ing dalan iki mbingungaké 2. Dalan iki mbingungaké
3. Ing saben masyarakat duwé adat dhéwé-dhéwé. 3. Saben masyarakat duwé adat dhéwé-dhéwé.


NAMI KULA TEMEN, PAK
Ukara ing dhuwur iki awujud ukara krama. Yèn dingokokaké, ukara iku dadi “Jenengku Temen, Pak”. Dadi, tembung nami ing ukara mau ngramaké tembung jeneng.

Manut paugeran unggah-ungguhing basa, tembung ngoko jeneng (utawa aran) iku yèn di kramakaké dadi nama (krama lugu utawa krama lumrah) lan asma (krama inggil). Ananging ana sapérangan warganing masyarakat sing duwé panganggep yèn tembung nama kuwi tembung krama sing luput, sing durung bener, temah banjur didandani utawa dibeneraké dadi nami.

Satemené tembung nama kuwi minangka tembung krama sing wis bener, malah kalebu tembung krama sing baku. Yèn tembung sing wis bener iki diowahi kanthi ancas ndandani (awit dianggep luput), asilé malah dadi ora bener. Ndandani tembung sing wis bener, sing malah ngasilaké tembung kang dianggep luput, iku diarani hypercorrect (ndadani kang keliwat ing kad

20