Kaca:Puspa Rinonce.pdf/46

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

dadi jagad raya. Panulisé tembung jagad (kanthi sigegan aksara d) iku jalaran kadayan saka pakecapané aksara g kang dumunung ing sangarepé, sairib karo panulisé tembung saged, reged, wragad. Ananging yèn ditlusur saka sejarahé, panulisé tetembungan jagad raya (tembung jagad ditulis kanthi sigegan aksara d) iku ora trep. Liré, mangkéné.

Tetembungan jagat raya iku dumadi saka rong tembung, yaiku jagat lan raya. Tembung jagat kuwi lumrahé ditegesi ‘jagat gedhé’, yaiku jagat kang gumelar iki utawa jagat salumahing bumi sakurebing langit. Teges iki satemené wis mingset saka teges kang sakawit. Manut sejarahé, tetembungan jagat raya iku minangka tembung Kawi (basa Jawa Kuna) kang asalé saka basa Sansekerta. Ing sakawit panulisé jagat raya iku jagat traya. Tembung traya minangka owah-owahan tembung tri kang mengku teges ‘telu’. Kanthi mangkono, tetembungan jagat traya kang ing jaman saiki banjur dadi jagat raya kuwi mengku teges ‘jagat telu’, yaiku donya, suwarga, lan ngisor bumi (naraka). Tembung tri owah dadi traya iku minangka owah-owahan dhapukaning tembung ing basa Sanskerta. Kajaba bisa owah dadi tembung traya, tembung tri iku bisa owah dadi trai, trayo, lan sapanunggalané kang kabèh mau isih mengku anasir teges ‘telu’, upamané, trailokya ‘jagat tetelu’, trailokyarajya ‘pepréntahan jagat tetelu’, trayodaŠa ‘tetulas’, trayodaŠí ‘bengi kang kaping tetulas’ (diétung saka setengah sasi kang sapisan manut pétungan rembulan). Kanthi mangkono, panulisé tembung jagat ing tetembungan jagat raya kuwi sing bener kanthi sigegan aksara t.


NGENTAS PITULUS
Ana pitakon kang inti sari utawa wosing pitakon mau mangkéné, “Kapriyé nalaré déné ana tetembungan ngentas pitulus lan tetembungan mau dianggo gegantiné tetembungan ngomah-omahaké anak?

Tetembungan ngentas pitulus kang dianggo minangka lira-liruné utawa gegantiné tetembungan ngomah-omahaké anak iku

35